Underaning Perkawis Watesaning Perkawis Wosing Perkawis Ancasing Panaliten

multifungsi , inggih menika satunggaling wujud tembung panguwuh saged ngandharaken maneka warni raos ingkang beda gayut kaliyan menapa ingkang dipunkersakaken panutur saha konteks tuturan-ipun Hardiyah, 2012. Wedhawati 2006: 417 ngandharaken bilih wonten ing salebeting ukara, tembung panguwuh saged dipunuwalaken amargi gadhah kedudukan ingkang sami kaliyan ukara. Tembung panguwuh saged setunggal wanda kanthi pola fonotaktis utawi fonemis KVK. Keunikan tembung panguwuh menika dados pawadan panaliti anggenipun naliti babagan tembung panguwuh wonten salebeting cerkak kanthi irah-irahan “Tembung Panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh ”.

B. Underaning Perkawis

Adhedhasar dhasaring panaliten wonten nginggil, saged dipunperang dados sawetawis perkawis. Underaning perkawis wonten panaliten menika kados andharan wonten ing ngandhap menika. 1. Wujudipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh . 2. Jinisipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh . 3. Tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh . 4. Frekuensi tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh .

C. Watesaning Perkawis

Adhedhasar underaning perkawis ingkang taksih wiyar, pramila perkawis wonten panaliten menika dipunwatesi boten sedaya badhe karembag supados langkung fokus. Perkawis ingkang badhe dipunrembag wonten panaliten menika kadosta wonten ngandhap menika. 1. Wujudipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh . 2. Jinisipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh . 3. Tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh .

D. Wosing Perkawis

Kanthi adhedhasar watesaning perkawis wonten nginggil, wosing perkawis wonten panaliten menika kados andharan wonten ngandhap menika. 1. Menapa kemawon wujudipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh ? 2. Menapa kemawon jinisipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh ? 3. Menapa kemawon tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh ?

E. Ancasing Panaliten

Jumbuh kaliyan perkawis ingkang badhe dipunrembag wonten panaliten menika, ancasing panaliten kados andharan wonten ngandhap menika. 1. Ngandharaken wujudipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh . 2. Ngandharaken jinisipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh . 3. Ngandharaken tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh .

F. Paedahing Panaliten