Caranipun Nganalisis Data CARA PANALITEN

Tabel 1: Wujud Kertu Data No. Data : 136 Sumber Data : Kp103ACBSJKM Konteks Tuturan : Wonten ing parkiran sesampunipun Pak Rohmat nyantelaken Tas saha buntelan kresek wonten motor, dumadakan Pak Ruslan nabok pengkeranipun Pak Rohmat. Tuturan : “We...” Wujudipun TP : Primer, minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis KV. Jinisipun TP : Kaget, We... ~ Pak Rohmat dipuntabok pangkeranipun dening Pak Ruslan. Tegesipun TP : Nedahaken raos kaget amargi dipuntabok pangkeranipun dening Pak Ruslan. Katrangan: TP : Tembung Panguwuh Kp : Korupsi ACBSJKM : Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa Kidung Megatruh: 2007

E. Caranipun Nganalisis Data

Teknik anggenipun nganalisis data wonten panaliten “Tembung Panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh” menika ngginakaken teknik analisis deskriptif. Cara anggenipin nganalisis data wonten ing panaliten menika katindakaken kanthi kalih tataran inggih menika analisis tataran kapisan saha analisis tataran kaping kalih. Analisis tataran kapisan katindakaken kanthi maos, manggihaken data ingkang dipuntetepaken miturut wujud, jinis saha teges tembung panguwuh; lajeng nyerat data ingkang sampun kapanggihaken wonten ing kertu data. Data nalika dipunlebetaken wonten ing kertu data, dipunanalisis wujudipun, jinisipun, saha tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Anggenipun nganalisis wujudipun tembung panguwuh dipuntingali saking wujudipun tembung menika prasaja menapa boten saha kasususun saking setunggal wanda menapa langkung saking setunggal wanda kanthi jumbuhaken kaliyan teori wujudipun tembung panguwuh, lajeng anggenipun nganalisis jinisipun tembung panguwuh kanthi dipunjumbuhaken kaliyan teori jinisipun tembung panguwuh. Babagan tegesipun tembung panguwuh dipunanalisis kanthi jumbuhaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Cara anggenipun nganalisis data ingkang salajengipun inggih menika tataran kaping kalih, inggih menika sesampunipun data dipunpanggihaken saha dipunlebetken ing kertu data, salajengipun data dipunanalisis wonten ing tabel analisis. Sedaya data menika dipunpantha-pantha miturut kategori-ipun piyambak-piyambak. Kapisan data dipunpantha-pantha miturut wujudipun tembung panguwuh. Sesampunipun netepaken wujudipun tembung panguwuh lajeng jinisipun tembung panguwuh dipuntetepaken kanthi dipunjumbuhaken kaliyan teori babagan jinisipun tembung panguwuh ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten. Menawi wujudipun tembung panguwuh saha jinisipun tembung panguwuh sampun dipuntetepaken, lajeng panaliti netepaken tegesipun tembung panguwuh. Tegesipun tembung panguwuh dipuntetepaken kanthi ningali konteks tuturan-ipun. Saklajengipun data dipunrembag kanthi deskriptif wonten ing pirembagan. Asiling panaliten boten sedaya dipunrembag wonten ing pirembagan, ananging namung saperangan kemawon minangka tuladha data saking wujud, jinis, saha tegesipun tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Asiling panaliten sanesipun dipunserat wonten tabel analisis data ingkang wonten ing lampiran. Analisis data ingkang dipuntindakaken wonten panaliten menika kanthi pandom ngelmu linguistik, mliginipun ngengingi tata tembung.

F. Validitas saha Reliabilitas Data