Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KVV

konteks tuturan -ipun tembung panguwuh wo menika gadhah teges nedahaken raos gela. Tembung menika ngewrat teges gela amargi saking konteks tuturan-ipun tembung menika mujudaken wangsulan bilih bapak-bapak ingkang ugi nangkep copet rumaos gela dhateng copetipun ingkang mlajeng kanthi santer sesampunipun nyopet Bu Rini.

d. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KVV

Saking asiling panaliten menika, data ingkang awujud tembung panguwuh primer kanthi pola fonotaktis KVV menawi dipuntingali saking jinisipun namung wonten setunggal jinis, inggih menika jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan. Salajengipun menawi dipuntingali saking tegesipun tembung panguwuh ingkang adhedhasar konteks tuturan-ipun ugi namung wonten setunggal teges, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos panyuwunan kawigatosan. Andharan tembung panguwuh primer pola fonotaktis KVV kanthi jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan ingkang tegesipun nedahaken raos panyuwunan kawigatosan kadosta wonten ngandhap menika. Konteks : Midhanget swantenipun Ibu Rini ingkang njerit bilih piyambakipun sampun dipuncopet, tiyang- tiyang sami ngoyak copet menika. Satunggaling tiyang ingkang ngoyak copetipun nyuwun kawigatosan tiyang sanes ingkang wonten ing peken. Ibu Rini : “Maling, maling, maliiiing, copeeet, copeeeet.” Tiyang ingkang ngoyak copet : “Woiii... Ana copet” ACBSJKMByData 77 Saking data no. 77 menika ngewrat tembung panguwuh. Tembung woi salebeting wicantenan wonten ing data no. 77 kalebet tembung panguwuh amargi tembung woi kasebat dipunginakaken dening tiyang ingkang nyoyak copet kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken. Babagan menika jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Hadiwidjana 1967: 31, Mulyana 2011: 77, saha Wedhawati 2006: 417 bilih tembung ingkang kaginakaken kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken pamicara dipunwastani tembung panguwuh. Tembung panguwuh woi wonten wicantenan data no. 77 kalebet tembung panguwuh primer amargi wujudipun tembung woi ingkang prasaja minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis KVV. Tembung panguwuh woi menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan. Jinisipun tembung panguwuh seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan katingal saking titikan tembung woi ingkang gayut kaliyan tuturan “Maling, maling, maliiiing, copeeet, copeeeet”. Tembung panguwuh woi kanthi jinis seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan menika mujudaken perangan saking wangsulan “Woiii... Ana copet” minangka wangsulan saking tuturan “Maling, maling, maliiiing, copeeet, copeeeet”. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh woi data no. 77 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh woi menika gadhah teges nedahaken raos panyuwunan kawigatosan. Tembung menika ngewrat teges panyuwunan kawigatosan amargi saking konteks tuturan-ipun tembung menika mujudaken wangsulan bilih tiyang ingkang nyoyak copet nyuwun kawigatosanipun tiyang sanes menawi wonten copet wonten ing peken.

e. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KVK