Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KKVK

kalebet tembung panguwuh primer amargi wujudipun tembung lha ingkang prasaja minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis KKV. Tembung panguwuh lha menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis kepengin mangertos kanthi sanget. Jinis tembung panguwuh kepengin mangertos kanthi sanget katingal saking titikan tembung lha ingkang gayut kaliyan kawontenan garwanipun katingal bingah saha ngguya- ngguyu piyambak. Tembung panguwuh lha kanthi jinis pasarujukan ingkang nengenaken ngapa ta mujudaken perangan saking tuturan “Pak, lha ngapa takok ketoke seneng lan wiwit mau ngguya- ngguyu wae? .....” minangka respon saking kawontenan garwanipun katingal bingah saha ngguya-ngguyu piyambak. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh lha data no. 69 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh lha menika gadhah teges nedahaken raos kepengin mangertos kanthi sanget. Tembung menika ngewrat teges kepengin mangertos kanthi sanget amargi saking konteks tuturan-ipun tembung menika mujudaken respon bilih Ibunipun Dewi kepengin mangertos kanthi sanget menapa ingkang njalari Bapakipun Dewi kondur kerja langkung cepet, loma,, katingal bingah, ngguya-ngguyu piyambak saha langkung sumeh.

h. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KKVK

Saking asiling panaliten menika, data ingkang awujud tembung panguwuh primer kanthi pola fonotaktis KKVK menawi dipuntingali saking jinisipun namung wonten setunggal jinis, inggih menika jinis kaget. Salajengipun menawi dipuntingali saking tegesipun tembung panguwuh ingkang adhedhasar konteks tuturan- ipun ugi namung wonten setunggal teges, inggih menika tembung panguwuh nedahaken raos kaget. Andharan tembung panguwuh primer pola fonotaktis KKVK kanthi jinis kaget ingkang ngewrat teges kaget kadosta wonten ngandhap menika. Konteks : Vita matur dhateng Bapakipun bilih kadosipun komputer risak amargi piyambakipun ingkang kesuoen anggenipun mateni adaptor. Bapakipun Vita rumaos kaget amargi Vita sampun dipunngendikani menawi badhe mateni komputer, adaptoripun lajeng kedah langsung dipunpateni. Vita : “Pak komputere rusak malih. Kula kesupen mejahi adaptor.” Bapakipun Vita : “Lhoh... kok bisa? Kan wis tak kandhani, Nek mateni komputer adaptore langsung Kok pateni. Kowe kan ya nggawe tulisan aja lali adaptore dipateni, ta?” ACBSJKMOBData 72 Saking data no. 72 menika ngewrat tembung panguwuh. Tembung lhoh salebeting wicantenan wonten ing data no. 72 kalebet tembung panguwuh amargi tembung lhoh kasebat dipunginakaken dening Bapakipun Vita kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken. Babagan menika jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunandharaken dening Hadiwidjana 1967: 31, Mulyana 2011: 77, saha Wedhawati 2006: 417 bilih tembung ingkang kaginakaken kangge ngandharaken menapa ingkang dipunraosaken pamicara dipunwastani tembung panguwuh. Tembung panguwuh lhoh wonten wicantenan data no. 72 kalebet tembung panguwuh primer amargi wujudipun tembung lhoh ingkang prasaja minangka setunggal wanda kanthi pola fonotaktis KKVK. Tembung panguwuh lhoh menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis kaget. Jinisipun tembung panguwuh kaget katingal saking titikan tembung lhoh ingkang gayut kaliyan tuturan “ Pak komputere rusak malih. ........”. Tembung panguwuh lhoh kanthi jinis kaget menika mujudaken perangan saking wangsulan “Lhoh... kok bisa? Kan wis tak kandhani, ...........” minangka wangsulan saking tuturan “ Pak komputere rusak malih. ........”. Kangge mangertosi tegesing tembung panguwuh lhoh data no. 72 ing panaliten menika kedah dipungayutaken kaliyan konteks tuturan-ipun. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh lhoh menika gadhah teges nedahaken raos kaget. Tembung menika ngewrat teges kaget amargi saking konteks tuturan- ipun tembung menika mujudaken wangsulan bilih Bapakipun Vita kaget midhanget bilih komputer-ipun risak malih amargi Vita kesupen boten mateni adaptor -ipun.

i. Tembung Panguwuh Primer Pola Fonotaktis KKK