Validitas saha Reliabilitas Data

Analisis data ingkang dipuntindakaken wonten panaliten menika kanthi pandom ngelmu linguistik, mliginipun ngengingi tata tembung.

F. Validitas saha Reliabilitas Data

Wonten panaliten menika cara anggenipun ngesahaken data menika kanthi validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih menika ngginakaken validitas triangulasi teori, validitas semantik, saha tetimbangan ahli. Validitas triangulasi teori dipuntindakaken kanthi cara jumbuhaken data kaliyan teori-teori ingkang dipunginakaken minangka dhasar utawi landhesan. Validitas semantik wonten panaliten menika nafsiraken data kanthi ningali wigatosing teges miturut konteks-ipun. Salajengipun, tetimbangan ahli dipuntindakaken kanthi cara konsultasi babagan asil panalitenipun kaliyan ahli ingkang mangertosi bidang ingkang dipunteliti. Wonten ing panaliten menika ingkang dados ahli inggih menika dosen pembimbing. Tuladha anggenipun nganalisis data kanthi validitas triangulasi saha validitas semantik kadosta ingkang wonten ing ngandhap menika. Konteks : Paraga utama tunggal dugi griyanipun, kanthi menggeh-menggeh saha bingah, piyambakipun matur dhateng Ibunipun bilih pikantuk beasiswa kuliah ing MIT University Amerika Serikat. Ibunipun Paraga utama tunggal : “Walah, nduk. Simbok bungah banget, nduk. Pungkasane kowe dadi bocah pinter. Sesuk mesthi kowe numpak motor mabur, ya” kapethik saking ACBSJKM kaca 13 Tembung panguwuh walah wonten ing wicantenan nginggil menika kalebet tembung panguwuh sekunder kanthi wujud tembung. Kangge mbuktikaken bilih analisis menika leres menapa boten, salajengipun tembung panguwuh walah menika dipuncocokaken kaliyan teori ingkang kaginakaken wonten panaliten inggih menika teorinipun Wedhawati. Saking andharanipun Wedhawati 2006: 417-418 bilih tembung panguwuh sekunder inggih menika tembung panuwuh ingkang sampun nedahaken pola fonotaktis kadosta tetembungan limrahipun. Lajeng tembung panguwuh sekunder dipunperang dados sekawan inggih menika tembung pangvuwuh sekunder kanthi wujud tembung, tembung panguwuh sekunder kanthi wujud reduplikasi, tembung panguwuh sekunder kanthi wujud frasa, saha tembung panguwuh sekunder kanthi wujud klausa utawi ukara. Adhedhasar teorinipun Wedhawati menika kabuktikaken bilih tembung walah menika kalebet tembung panguwuh sekunder kanthi wujud tembung. Tembung panguwuh walah menawi dipuntingali saking jinisipun tembung panguwuh kalebet jinis bingah. Jinisipun tembung panguwuh bingah katingal saking titikan tembung walah ingkang gayut kaliyan kawontenan putrinipun katampi beasiswa kuliah wonten ing MIT University. Tembung panguwuh walah kanthi jinis bingah menika mujudaken perangan saking wangsulan “Walah, nduk. Simbok bungah banget, nduk. Pungkasane kowe dadi bocah pinter. Sesuk mesthi kowe numpak motor mabur, ya” minangka respon saking kawontenan putrinipun katampi beasiswa kuliah wonten ing MIT University. Saking konteks tuturan-ipun tembung panguwuh walah menika gadhah teges nedahaken raos bingah. Tembung menika ngewrat teges bingah amargi saking konteks tuturan-ipun tembung menika mujudaken respon bilih Ibunipun paraga utama tunggal rumaos bingah sesampunipun nampi pawartos saking paraga utama tunggal bilih piyambakipun katampi beasiswa kulih wonten MIT University Amerika Serikat. Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten panaliten “Tembung Panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh ” inggih menika reliabilitas stabilitas stabily. Reliabilitas stabilitas gayut kalihan konsistensi piranti kangge ngukur data ingkang dipunambali kaping kathah. Reliabilitas stabilitas dipunginakaken kangge ngukur data ingkang dipunambali kaping kathah ananging asilipun sami, kanthi sarat data-data ingkang kaukur kawontenanipun sami ananging wekdalipun beda Setiyadi, 2006: 16-17. Reliabilitas stabilitas wonten panaliten menika ningali saha maos kanthi dipunlampahi kaping kathah tumrap data miturut konteks ingkang dipuntegesi supados pikantuk data ingkang stabil boten ewah-ewah. Data ingkang sampun dipuntampi lajeng dipunkaji jumbuh kalihan perkawis ingkang dipuntaliti wonten panaliten inggih menika jinising tembung panguwuh, wujudipun tembung panguwuh, saha tegesipun tembung panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. 71

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN