Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh Panaliten Ingkang Jumbuh

tembung panguwuh kasihan katingal saking titikan tembung mesakake mujudaken perangan saking wangsulan “Mesakake, nduk. Kowe berarti saiki mung urip dhewekan?” minangka wangsulan saking tuturan Tiyang sepuh kula sampun seda sedaya Bu, sodharanipun kula ugi boten wonten teng mriki”. Saking konteks tuturan -ipun tembung panguwuh mesakake menika gadhah teges nedahaken raos kasihan. Tembung menika ngewrat teges sayang kasihan amargi saking konteks tuturan-ipun tembung menika mujudaken respon bilih Bu Janah nyayangaken Diki ingkang bagus rupanipun ananging tumindakipun boten pener.

D. Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh

Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh minangka asiling kempalan 20 cerkak ingkang dipunripta dening para siswa SMA sadrajat sakukuban kutha Yogyakarta ingkang dados peserta wonten Bengkel Sastra Jawa 2007. Bengkel Sastra Jawa 2007 ingkang dipunadani dening Balai Bahasa Yogyakarta dados satunggaling upaya anggenipun nyengkuyung sastra Jawi kanthi nggegulang siswa SMA sadrajat supados wasis ngripta cerkak. Bengkel Sastra Jawa 2007 menika dados sarana saha papan ngasah wawasan lan kaprigelan para siswa ingkang ngudi dados sastrawan Jawi. Asilipun para siswa wonten ing Bengkel Sastra Jawa 2007 saged damel cerkak kanthi gayanipun piyambak-piyambak. Antologi kidung megatruh kasil macak cerkak-cerkak peserta Bengkel Sastra Jawa 2007 ingkang sampun dipunseleksi. Tema-temanipun kathah ingkang gayut kaliyan donyaning para mudha, kadosta babagan katresnan, gegayuhaning lare sekolah, kekancan, lan masalah keluarga. Wonten ing salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh ngewrat 20 irah-irahan cerkak kanthi tema ingkang maneka warni, inggih menika: Mitraku, Sewungkus Roti Cilik, Kerampokan, Tumindak kang Becik, Woh Dhondhong Pindhane, Pitulas Tahun, Tresnaku neng Endi, Lelumban ing Samudraning Ati, Temen Tinemu, Oalah Biyung-biyung, By, Korban, Ora Saendah Pengangen-angen, Pinter Minteri, Dina-dina Dina, Kenapa Aku Kudu Melu Kowe, Ragad, Korupsi, Saiyek Saeka Praya, saha Kidung Megatruh.

E. Panaliten Ingkang Jumbuh

Panaliten ingkang jumbuh kaliyan panaliten panaliti kanthi irah-irahan Tembung Panguwuh wonten ing Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh wonten kalih, kadosta wonten ing ngandhap menika. 1 Penggunaan Interjeksi dalam Novel Rembulan Ndadari, dening Esti Pranita 07205244105. Panaliten dening Esti Pranita menika awujud skripsi ngandharaken wujud saha fungsi tembung panguwuh ingkang wonten salebeting novel Rembulan Ndadari. Panaliten menika jumbuh kaliyan panaliten panaliti amargi sami-sami ngrembag babagan ngelmu basa morfologi ingkang mliginipun tembung panguwuh interjeksi. Bedanipun panaliten dening Esti Pranita kaliyan panaliten panaliti inggih menika babagan ingkang dipunrembag saha objek ingkang dipunginakaken minangka pirantos kangge manggihaken data babagan tembung panguwuh. Panaliten dening Esti Pranita ngrembag babagan wujud saha fungsi tembung panguwuh wonten salebeting novel kanthi irah-irahan Rembulan Ndadari, wondene panaliten panaliti ngrembag babagan wujud, jinis saha teges tembung panguwuh wonten salebeting antologi cerkak kanthi irah-irahan Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. 2 Tembung Panguwuh Bahasa Jawa pada Rubrik Pengalamanku di Majalah Djaka Lodang Tahun 2012, dening Wibowo Hadi Setiyawan 08205244070. Panaliten dening Wibowo menika awujud skripsi ingkang ngandharaken babagan wujud saha teges tembung panguwuh wonten salebeting rubrik Pengalamanku ing kalawarti Djaka Lodang taun 2012. Panaliten menika jumbuh kaliyan panaliten panaliti amargi sami-sami ngrembag babagan ngelmu basa morfologi ingkang mliginipun babagan wujud saha teges tembung panguwuh. Bedanipun panaliten dening Wibowo kaliyan panaliten panaliti inggih menika objek ingkang dipunginakaken minangka pirantos kangge manggihaken data babagan tembung panguwuh. Panaliten dening Wibowo ngrembag babagan wujud saha teges tembung panguwuh wonten salebeting rubrik Pengalamanku ing kalawarti Djaka Lodang taun 2012, wondene panaliten panaliti ngrembag babagan wujud, jinis saha teges tembung panguwuh wonten salebeting antologi cerkak kanthi irah- irahan Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. 3 Interjeksi Bahasa Indonesia, dening Mei Hardiah 107244PSA2304. Panaliten dening Mei Hardiah menika awujud tesis ingkang ngandharaken babagan a wujud tembung panguwuh saha realitas panganggnipun wonten ing basa Indonesia, b teges saha klasifikasi tembung panguwuh wonten ing basa Indonesia, saha c ginanipun tembung panguwuh basa Indonesia tumrap konteks komunikasi. Panaliten menika jumbuh kaliyan panaliten panaliti amargi sami-sami ngrembag babagan ngelmu basa morfologi ingkang mliginipun babagan wujud saha teges tembung panguwuh. Bedanipun panaliten dening Mei Hardiah kaliyan panaliten panaliti inggih menika panalitenipun Mei Hardiah ngrembag babagan tembung panguwuh basa Indonesia wonten ing wicantenan kasunyatan wondene panaliten panaliti ngrembag tembung panguwuh basa Jawi wonten salebeting karya sastra inggih menika antologi cerkak kanthi irah-irahan Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Adhedhasar saking panaliten ingkang jumbuh kaliyan panaliten menika sampun dipunandharakaken beda saha saminipun. Pramila kabuktekaken menawi panaliten babagan tembung panguwuh wonten salebeting antologi cerkak kanthi irah-irahan Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh dereng nate dipunrembag panaliti sanes. Panaliten menika saged dipundadosaken gambaran kangge panaliten salajengupun, mliginipun babagan tembung.

F. Nalaring Pikir