Vokal trep kaliyan artikulasi 3. Volume utawi bantering swanten nyekapi. Sasaged-sagedipun nyingkiri dialek.

C. Indikator Pencapaian Kompetensi

1. Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk mengajarkan pendidikan karakter, adat, sopan- santun berbahasa serta bertingkah laku yang menjalin sistem tata hubungan masyarakat Jawa. 2. Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugerah Tuhan Yang Mahaesa sebagai sarana menyampaikan informasi lisan dan tulis. 3. Memiliki perilaku percaya diri, peduli, dan santun dalam merespon suatu peristiwa 4. Menuliskan pokok-pokok isi berita ke dalam beberapa kalimat.

D. Tujuan Pembelajaran

1. Selama dan setelah proses pembelajaran, Peserta didik dapat menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk mengajarkan pendidikan karakter, adat, sopan-santun berbahasa serta bertingkah laku yang menjalin sistem tata hubungan masyarakat Jawa. 2. Selama dan setelah proses pembelajaran, Peserta didik dapat menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa Jawa sebagai anugerah Tuhan Yang Mahaesasebagai sarana menyampaikan informasi lisan dan tulis 3. Selama dan setelah proses pembelajaran, Peserta didik dapat memiliki perilaku percaya diri, peduli, dan santun dalam merespon suatu peristiwa 4. Setelah menyimak berita dari berbagai media berbahasa Jawa peserta didik dapat menuliskan pokok-pokok isi berita ke dalam beberapa kalimat

E. Materi Pembelajaran

Maos saha Nyemak Pawarta Ing radhio utawi TV, tiyang ingkang ngaturaken pawarta dipunwastani penyiar. Wondene tiyang ingkang pados pawarta dipunwastani wartawan. Penyiar sampun gadhah teknik nalika badhe ngaturaken pawarta, samanten ugi nalika kita kapatah maosaken pawarta, kita kedah nggatosaken bab-bab wigati ingkang magepokan kaliyan pamaosipun pawarta, inggih menika: 1. Intonasi kedah trep, kapan mrangguli koma saha titik ugi tandha sanesipun.

2. Vokal trep kaliyan artikulasi 3. Volume utawi bantering swanten nyekapi.

4. Sasaged-sagedipun nyingkiri dialek.

Kasemaka kancamu anggenipun maos pawarta ing ngandhap punika Pawarta 1 Kenduri Sarana Silaturahmi Sabtu, 23 August 2014 | 06:59 WIB Sleman, www.jogjatv.tv – Kangge nelakaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang hakarya jagad, warga Padhukuhan Malangrejo, Widomartani Ngemplak, Sleman, ngadani kenduri massal. Kenduri samangke ugi mengku ancas kangge mengeti dinten kamardikan ingkang kaping 69 taun. Atusan warga Padhukuhan Malangrejo, mlempak dhateng pelataran griya Kepala Desa Widomartani, kanthi bekta brekat piyambak-piyambak kangge kenduri. Kenduri massal kados makaten saweg kapisan dipun adani ing Padhukuhan Malangrejo. Kenduri samangke minangka wujud raos syukur warga awit kamardikaning Nagari Republik Indonesia ingkang kaping 69 taun sarta dados sarana kangge ngraketaken kekadangan ing antawisipun warga. Tohari ugi mratelakaken, bedaning pemanggih magepokan kenduri ing madyaning masyarakat boten dados pepalang kangge memetri kagunan budaya ingkang adiluhung. Wondene Bupati Sleman Sri Purnomo mratelakaken, pawitan wigati kangge mbangun desa inggih kamanunggalan lan guyub rukuning warga. Awit saking punika satunggaling tradisi kedah dipun pepetri supados lestari. Heri Susanto Pawarta 2 Syawalan Bergodo Niti Manggala Sabtu, 23 August 2014 | 06:59 WIB Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv – Ing wulan Syawal samangke boten namung bebadan pemerintah punapa dene perusahaan kemawon ingkang ngadani halal bihalal, nanging Bergada Niti Manggala, ugi ngadani halal bihalal lan silaturahmi dhateng Lurah sarta Ketua RW Kelurahan Gedongkiwa, mapan ing Ndalem Cokrosenan, malem Setu 228 kalawingi. Halal bihalal samangke dipun regengaken pentas musik keroncong sarta nyetel video dokumenter Bergada Niti Manggala. Bergada Niti Manggala inggih bregodo prajurit ing Kampung Wisata Sekarniti Kelurahan Gedungkiwo, Mantrijeron, Ngayogyakarta. Bregodo Niti Manggala madeg tanggal 28 Desember 2013 lan dipun kepyakaken sesarengan kaliyan kepyakan Kampung Wisata Sekarniti. Bergada prajurit Niti Manggala boten namung nyangkul jejibahan, njagi keamanan kampung nanging ugi gadhah tanggel jawab ndayakaken lan biwarakaken kampung wisata supados regeng sarta dados jujugan wisatawan domestik lan wisatawan ngamanca. Tim Liputan Pawarta 3 Dandim 0734 Mutasi 20 Perwira Jumat, 22 August 2014 | 08:36 WIB Ngayogyakarta, www.jogjatv. tv – Kalih dasa perwira prajurit TNI saking satuan Kodim 0734 Kota Yogyakarta, dinten Jemuwah 228 enjing dipun mutasi. Mutasi perwira prajurit TNI satuan kerja Kodim 0734 Kota Yogyakarta dipun tandhani upacara serah terima jabatan kanthi prasaja mapan ing aula kodim, dipun pandegani dening Komandan Kodim, Letkol Infanteri Ananta Wira. Mutasi ing sedaya danramil wewengkon Kota Yogyakarta cacahipun 14 perwira, lan enem perwira sanes ingkang nglenggahi jabatan wigati ing Kodim Kota Yogykarta. Dandim 0734, Letkol Ananta Wira, mratelaken, mutasi perwira TNI danramil kangge gentosan supados para perwira tansaya pana dhateng kawontenan Kota Yogyakarta. Wondene perwira ingkang dipun mutasi dhateng Korem Yogyakarta minangka jenjang karier. Mutasi samangke ingkang kathah piyambak sadanguning sedasa taun pungkasan. Ananta Wira mratelakaken, mutasi perwira ing Kodim Yogyakarta murni rotasi ingkang ajeg dipun lampahi tigang taun sepisan lan pehakipun nduwa menawi mutasi samangke gayut kaliyan perkawis politik lan gayut kaliyan ruwet rentenging perkawis pemilihan umum ing Kota Yogyakarta. Hari Atmaja Pawarta 4 918 Calon Haji Sleman Manasik Haji Sabtu, 23 August 2014 | 06:58 WIB Sleman, www.jogjatv.tv – Sangang atus wolulas jamaah calon haji Kabupaten Sleman, dinten Setu 238 enjing nindakaken manasik haji dhateng Stadion Tridadi Sleman. Manasik haji dados sarana silaturahmi ing antawisipun calon jamaah haji sarta kangge suka gambaran dhateng calon haji tatacara ibadah haji ing tanah suci Mekah. Miturut Kasi Haji Kantor Kementrian Agama Kabupaten Sleman, Silvia Rosati calon jamaah haji saking kabupaten sleman badhe dipun bidhalaken lumantar enem kelompok terbang, bidhal tanggal 9 ngantos 11 September benjing. Wondene ancasipun ngadani manasik haji kangge suka seserepan tatacara nindakaken ibadah haji ing tanah suci, supados para calon jamaah haji saged nindakaken ibadah haji kanthi tumemen, satemah dados haji ingkang mabrur. Silvia mratelakaken, jalaran samangke ing Afrika saweg mratah virus ebola, kamangka nalika ibadah haji benjing ugi kathah warga Afrika ingkang nindakaken ibadah haji ing Mekah, supados para calon haji saking sleman boten ketularan virus kasebat, pramila jamaah haji dipun ajab njagi kasarasan badanipun, antawisipun ngaso ingkang cekap lan dipun kathahi konsumsi woh-wohan sarta asring ngunjuk. Subardi

F. Alokasi Waktu

2 x 40 menit

G. Pendekatan, Model dan Metode Pembelajaran 1. Pendekatan Scientific

Langkah-langkahnya yang digunakan dalam pembelajaran ini adalah mengamati, menanya, mencoba, menalar, mengkomunikasikan

2. Model Pembelajaran Model pembelajaran yang digunakan adalah Problem Based Learning