Kapan dilaksanakan ujungan? Apakah anda pernah ikut serta dalam ujngan? Sebagai apa? Berapa lama anda bergabung dalam ujungan? Apa syarat mengikuti ujungan?
77
77 adu-adu menika meksa mboten wonten ingkang kawon namadene mimpang,
ngantos wusananipun dhateng jawah ingkang ageng. Para warga kalih desa nginten menawi jawah menika dhateng amargi wontenipun adu-adu menungsa
kalawau. Pramila salajeningpun saben mangsa ketiga dipun wontenaken adu-adu menungsa ingkang dinamekaken ujungan. Wonten salebetipun ujungan wonten
paraga-paraga tartamtu ingkang kedah wonten, inggih menika paraga utawi pemain, wlandang lan botoh. Paraga mujudaken tiyang ingkang wuled balung
kulitipun saengga gadhah kekiyatan lumawan mungsuhipun. Wlandang kados dene wasit inggih menika tiyang ingkang mimpin aben-aben, piyambakipun kedah
adil. Botoh niku ingkang paring bobot timbang paraga ingkang badhe majeng. Botoh wau ingkang ngertos saestu kekiyatan mengsah kareben ampun ngantos
jagonipun ing palagan.
7. Kapan dilaksanakan ujungan?
Saben mangsa pungkasing kapat utawi nuju dathengipun mangsa kalima utawi September-Oktober saben taunipun.
8. Apakah anda pernah ikut serta dalam ujngan? Sebagai apa?
Niki nggih kula ibarat kawit cenger empun ngertos ujungan. Mbah-mbah kula sami ndherek ujungan. Barang kula diwasa kula bisa ndherek ujungan.
Mulane mboten mokal menawi kula sering dipitados kapurih dados wlandang. Menawi mboten pengalaman, badhe kados pundi angsale kula saged mimpin?
Saged-saged mangke dipun gitik kalih sing sami ndherek.
9. Berapa lama anda bergabung dalam ujungan?
Kula ndherek dados paraga wetawis umur 19 utawi 20 taun.
10. Apa syarat mengikuti ujungan?
Mboten wonten syarat khusus dados paraga ujungan. Sing jelas paraga ujungan biasanipun piyantun jaler ingkang gadheg kekiatan tenaga lan batos
saengga kiyat dipun gebug. Biasanipun ingkang sami nderek ujungan nggadahi ngelmu, rapalan ajianajian utawi kekiatan-kekiatan tertentu kangge njageni
badan ben mboten mempan sabetan penjalin umpamanipun Lembu Sekilan, Wesi Kuning, lan sanes-sanesipun. Menawi mboten mekaten, wah, saged-saged
nglemburuk wonten palagan. Menapa malih menawi sampun sami denten ajeng-
78
78 ajengan, menika rancakipun sampun mboten engetsedherek, rencang, napa niku
tanggi. Wontenipun nggih namung mungsuh ingkang kedah dikawonaken. Kanthi kekiatan menika umpami kenging sabet palingpaling diwedaki lebu tatunipun
mantun. Ewa semanten nggih enten mawon ingkang namung ngendelaken kekiatan badan tok, mboten gadhah kekiatan batas ingkang werni-werni. Para
paraga menika wonten palagan inggih diaben kaliyan paraga ingkang ugi mboten gadhah kekiatan batos. Menika mbetahaken kawicaksanan wlandang lan
botohipun, ben mangkenipun mboten wonten ingkang nemahi kacilakan. Janipun menika nggih ngutawatosi, namung nggih badhe kados pundi malih jaragan
samudayanipun sami denten gadhah tujuan sae.
11. Apa syarat menjadi wlandang?