Jinising paraga miturut ginanipun penampilan paraga

54 inggih menika Guntur Maruta lan Guntur Geni minangka putra ingkang wuragil. Babagan kulawarganipun Resi Guntur Wasesa, ugi kaandharaken ing pethikan ngandhap menika. Pethikan “Adhuh angger sinuwun, manawi andangu pun bapa, nami kula Resi Guntur Wasesa, tiyang sepuhipun Manggalayuda Agung Guntur Geni, kula saking pertapan Watubelah.” Asmara, 1982: 54; no. data 7 lan pethikan “Yen kowe takon karo aku, ya aku iki sing jeneng Resi Guntur Wasesa, wong tuwane Guntur Geni sing wis kok pateni.”Asmara, 1982: 56; no. data 8 sami- sami nedahaken peran Resi Guntur Wasesa minangka tiyang sepuhipun Guntur Geni. Resi Guntur Wasesa gadhah putra kalih, salah satunggaling inggih menika Guntur Geni. Guntur Geni inggih menika putra ingkang wuragil. Putra ingkang pambajeng inggih menika Guntur Maruta. Pethikan ing ngandhap menika ngandharaken babagan pandhita ingkang sekti mandraguna, beda kaliyan pethikan ing nginggil menika. Dene kang jumeneng pandhita ana kono asmane Resi Guntur Wasesa, kang wis kondhang dadi pandhita kang sekti mandraguna, ora tedhas tapak paluning garenda, tinatah mendat, jinantra mentul. Asmara, 1982: 3; no. data 4 Pethikan ing nginggil nedahaken peranResi Guntur Wasesa minangka pandhita ingkang sekti mandraguna. Sacara sosiologis, pandhita ingkang sekti mandraguna menika dipunasilaken saking penilaian sosial. Resi Guntur Wasesa pandhita ingkang sekti mandraguna jumeneng ing pertapan Watubelah. Resi Guntur Wasesa ugi gadhah murid ingkang kathah ing pertapan Watubelah. Pethikan ing ngandhap menika ngandharaken babagan pakaryanipun Resi Guntur Wasesa, beda kaliyan pethikan ing nginggil nanging taksih wonten gayutanipun. 55 Anane banjur dijenengi Watubelah, amarga pertapan mau dumunung ana watu gedhe kang sigar belah. Dene kang jumeneng pandhita ana kono asmane Resi Guntur Wasesa, kang wis kondhang dadi pandhita kang sekti mandraguna, ora tedhas tapak paluning garenda, tinatah mendat, jinantra mentul. Mula siswane Sang Resi Guntur Wasesa akeh banget , paribasan tanpa wilangan akehe. Asmara, 1982: 3; no. data 3 Pethikan ing nginggil nedahaken peran Resi Guntur Wasesa ingkang dados pandhita utawi guru ing pertapan Watubelah. Andharan saking pangripta sampun saged ngandharaken Resi Guntur Wasesa dados pandhita ing pertapan Watubelah. Resi Guntur Wasesa minangka pandhita ingkang sekti mandraguna ndadosaken Resi Guntur Wasesa gadhah siswa ingkang kathah ing pertapan Watubelah. 2 Guntur Maruta Guntur Maruta inggih menika putranipun Resi Guntur Wasesa lan kakangipun Guntur Geni. Ing ngandhap menika pirembagan saking asiling panaliten peranipun Guntur Maruta. Pethikan “Sang Resi Guntur Wasesa kagungan putra loro, kakung kabeh. Sing mbarep Guntur Maruta, dene rayine Guntur Geni.” Asmara, 1982: 3; no. data 23 nedahaken peran Guntur Maruta minangka putranipun Resi Guntur Wasesa ingkang pambajeng. Resi Guntur Wasesa gadhah putra kalih, kakung sedaya. Putra ingkang pambajeng inggih menika Guntur Maruta dene Guntur Geni minangka putra ingkang wuragil. Pethikan ing nginggil taksih gadhah gayutan kaliyan pethikan ing ngandhap menika. Resi Guntur Wasesa gadhah putra kalih lan putranipun menika kembar. “Teka dedeg piadegipun dalah praupanipun meh sami kaliyan Guntur Geni paman.” “Waleh-waleh punapa sinuwun. Pancen sejatosipun Guntur Geni lan Guntur Maruta punika lare kembar, ingkang sepuh Guntur Maruta,