Nalaring Panaliten GEGARAN TEORI

26 analisa data dipunginakaken kangge nyerat data deskriptif saking novel ingkang dipunrembag supados panaliten menika saged kaleksanan kanthi sistematis. Panaliti pikantuk data lajeng data dipunperang miturut kategori paraga supados saged gampil nliti lan ngrembag data. Ing ngandhap menika wonten nem wujud kertu analisa data ingkang dipunginakaken ing panaliten kangge nyerat data deskriptif saking novel Manggalayuda Guntur Geni. Tabel 1: Data Jinising Paraga ing Novel Manggalayuda Guntur Geni a. Data Jinising Paraga Miturut Tingkat Wigatosipun ing Novel Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan UtamaTambahan No. Data 1.

2. b.

Data Jinising Paraga Miturut Ginanipun Penampilan Paraga ing Novel Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan ProtagonisAntagonis No. Data

1. 2.

c. Data Jinising Paraga Miturut Ewah-Gingsiring Watekipun ing Novel

Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan StatisBerkembang No. Data

1. 2.

d. Data Jinising Paraga Miturut Pencerminan Paraga tumrap Manungsa

saking Kasunyatan ing Novel Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan TipikalNetral No. Data 1. 2. 27 Tabel 2:Data Peran lan Watek Paraga ing Novel Manggalayuda Guntur Geni No Paraga PeranWatek WF WS WP No. Data 1. 2.

E. Caranipun Nganalisis Data

Caranipun nganalisis data ing panaliten menika ngginakaken teknik deskriptif. Teknik deskriptif dipunginakaken kangge ngandharaken paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni. Caranipun nganalisis data ngangge teknik deskriptif inggih menika makaten. 1. Kategorisasi. Data ingkang sampun dipunpanggihaken ing novel Manggalayuda Guntur Geni lajeng dipunperang miturut watesaning perkawis inggih menika jinising paraga-paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni; lan peran lan watekipun paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni; 2. Tabulasi utawi data dipunlebetaken ing kertu analisa data. Data ingkang sampun dipunpanggihaken lan sampun dipunkategorisasi lajeng dipunlebetaken ing kertu analisa data. 3. Analisis data mawi teori strukturalisme. Data ingkang sampun cetha kalebet ing kertu analisa data lajeng dipunanalisis jinising paraga-paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni. Asiling perangan data jinising paraga-paraga lajeng saben paraga saged dipunandharaken peran lan watekipun paraga. 4. Inferensi inggih menika damel dudutan saking perkawis ingkang dipunrembag babagan jinising paraga-paraga lan peran, watekipun paraga lajeng ngandharaken asiling analisis data ing pirembagan jumbuh kaliyan watesaning perkawis. 28

F. Caranipun Ngesahaken Data

Caranipun ngesahaken data ngginakaken validitas lan reliabilitas. Panaliten menika ngginakaken validitas lan reliabilitas data supados data ingkang dipunrembag saged valid sahih lan reliable ajeg. Uji validitas ngginakaken validitas semantis. Miturut Endraswara 2011: 164, “Validitas semantis yakni mengukur tingkat kesensitifan makna simbolik yang bergayut dengan konteks”. Miturut pamanggihipun Endraswara menika, validitas semantis menika ngandharaken data-data ingkang valid dipunjumbuhaken kaliyan konteks ukaranipun. Uji reliabilitas ngginakaken reliabilitas interrater lan reliabilitas intrarater. Reliabilitas interrater kanthi sarana maos lan nliti wongsal-wangsul ing data ingkang sami dumugi pikantuk data ingkang ajeg. Reliabilitas intrarater inggih menika nyuwun pirsa dhateng dosen pembimbing lan kanca ingkang gadhah ngelmu babagan sastra mliginipun babagan paraga ing novel utawi cariyos.