Unsur Intrinsik Andharan Teori 1. Novel

15 mentalitas, lelampahanipun, kapitadosanipun, tindak-tanduk, intelektualitasipun, watekipun; lan 3 saking sosiologis inggih menika pangripta ngandharaken watekipun paraga saking status sosial, pakaryan, pendidikan, jabatan, lan suku bangsa. Pamanggihipun Padmopuspito sami kaliyan pamanggihipun Widayat 2011: 120 bilih panggaraping paraga saged dipunandharaken kanthi fisiologis, psikologis, lan sosiologis. Saking fisiologis awujud rikma, jinising kelamin, badan, pasuryan, lan sapanunggalanipun. Saking psikologis awujud watekipun, kapitadosanipun, emosi, inteligensi, lan sapanunggalanipun. Saking sosiologis awujud agami, pendidikan, kedudukan, jabatan, lingkungan kulawarga, lan sapanunggalanipun. Saking kalih pamanggih ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih watekipun paraga saged dipunandharaken kanthi 1 fisiologis awujud kawontenaning badan, pasuryan, jinising kelamin, yuswa, rikma, lathi, grana, mustaka, rasukan, badan, cacading badan; 2 psikologis awujud watekipun, emosi, kapitadosanipun, lelampahanipun, tindak-tanduk, mentalitas, intelektualitasipun; lan 3 sosiologis awujud agami, pendidikan, status sosial, suku bangsa, jabatan, lingkungan kulawarga, pakaryan. b. Jinising Paraga Paraga ing cariyos saged kaperang dados gangsal nanging jinising paraga ingkang dipundadosaken teori ing panaliten menika namung sekawan inggih menika makaten. 1 Miturut tingkat wigatosipun saged kaperang dados paraga utama lan paraga tambahan. 16 2 Miturut ginanipun penampilan paraga saged kaperang dados paraga protagonis lan paraga antagonis. 3 Miturut ewah-gingsiring watekipun paraga saged kaperang dados paraga statis lan paraga berkembang. 4 Miturut pencerminan paraga tumrap manungsa saking kasunyatan saged kaperang dados paraga tipikal lan paraga netral. Ingkang kapisan, miturut tingkat wigatosipun, paraga-paraga ing cariyos saged kaperang dados kalih inggih menika paraga utama lan paraga tambahan Nurgiyantoro, 2010: 176-178. Ing ngandhap menika badhe kababar babagan paraga utama lan paraga tambahan. 1 Paraga Utama Paraga utama inggih menika paraga ingkang dipuncariyosaken langkung kathah lan langkung utama tinimbang paraga sanesipun. Paraga utama saged ing saben kadadosan, konflik utawi paraga utama gadhah gayutan kaliyan alur saking wiwitan dumugi pungkasan. Paraga utama ing satunggal cariyos saged langkung saking satunggal nanging kautamanipun boten sami. Ingkang saged nemtokaken kautaman saking kathahing paraga utama dipuncariyosaken lan pangaribawa tumrap pangrembakanipun alur. 2 Paraga Tambahan Paraga tambahan inggih menika paraga ingkang dipuncariyosaken sakedhik kemawon, boten wigatos, lan dipuncariyosaken menawi gadhah gayutan kaliyan paraga utama kemawon. Saperangan paraga tambahan ugi paring pangaribawa tumrap pangrembakanipun alur. 17 Dadosipun, paraga ingkang saged paring pangaribawa tumrap pangrembakanipun alur utama lan dipuncariyosaken saking alur wiwitan dumugi alur pungkasan saged dipunwastani paraga utama. Paraga tambahan menika beda kaliyan paraga utama. Pangripta ngandharaken paraga tambahan namung