Teori Strukturalisme Andharan Teori 1. Novel

14 paraga utawi penokohan. Paraga saged ngandharaken babagan ngrembakanipun paraga mliginipun watekipun paraga. Miturut Wardani 2009: 40 bilih ingkang dipunwastani paraga inggih menika ngandharaken peran paraga lan watekipun paraga. Peran paraga lan watekipun paraga kedah manunggal amargi saben paraga gadhah watekipun piyambak-piyambak lan saking watekipun paraga menika, paraga gadhah peran kangge ngrembakanipun cariyos. Watekipun saben paraga ingkang beda-beda saged dados jalaran konflik saking awal cariyos dumugi pungkasan. Gayutan setunggal paraga kaliyan paraga sanesipun ingkang gadhah watek beda menika ugi saged dados jalaran konflik. Dadosipun, paraga saged dipunwastani peran paraga lan watekipun paraga ing salebeting cariyos. Konflik saged dipuncariyosaken saking watekipun saben paraga ingkang beda-beda. Watekipun paraga ingkang becik, ugi ingkang ala. Watekipun paraga saged ugi kaperang dados watekipun saking fisiologis, saking psikologis, lan saking sosiologis. Ing ngandhap menika badhe dipunandharaken kanthi langkung cetha. a. Watekipun Paraga Watekipun paraga saged dipunandharaken kanthi fisiologis, psikologis, lan sosiologis. Ukara menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Padmopuspito 1980: 15 bilih caranipun pangripta ngandharaken watekipun paraga ing karya sastra inggih menika 1 saking fisiologis inggih menika pangripta ngandharaken watekipun paraga saking kawontenaning badan, jinising kelamin, pasuryan, yuswa, rikma, lathi, grana, mustaka, rasukan, badan, cacading badan; 2 saking psikologis inggih menika pangripta ngandharaken watekipun paraga saking 15 mentalitas, lelampahanipun, kapitadosanipun, tindak-tanduk, intelektualitasipun, watekipun; lan 3 saking sosiologis inggih menika pangripta ngandharaken watekipun paraga saking status sosial, pakaryan, pendidikan, jabatan, lan suku bangsa. Pamanggihipun Padmopuspito sami kaliyan pamanggihipun Widayat 2011: 120 bilih panggaraping paraga saged dipunandharaken kanthi fisiologis, psikologis, lan sosiologis. Saking fisiologis awujud rikma, jinising kelamin, badan, pasuryan, lan sapanunggalanipun. Saking psikologis awujud watekipun, kapitadosanipun, emosi, inteligensi, lan sapanunggalanipun. Saking sosiologis awujud agami, pendidikan, kedudukan, jabatan, lingkungan kulawarga, lan sapanunggalanipun. Saking kalih pamanggih ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih watekipun paraga saged dipunandharaken kanthi 1 fisiologis awujud kawontenaning badan, pasuryan, jinising kelamin, yuswa, rikma, lathi, grana, mustaka, rasukan, badan, cacading badan; 2 psikologis awujud watekipun, emosi, kapitadosanipun, lelampahanipun, tindak-tanduk, mentalitas, intelektualitasipun; lan 3 sosiologis awujud agami, pendidikan, status sosial, suku bangsa, jabatan, lingkungan kulawarga, pakaryan. b. Jinising Paraga Paraga ing cariyos saged kaperang dados gangsal nanging jinising paraga ingkang dipundadosaken teori ing panaliten menika namung sekawan inggih menika makaten. 1 Miturut tingkat wigatosipun saged kaperang dados paraga utama lan paraga tambahan.