Jinising paraga miturut tingkat wigatosipun

53

2. Peran lan Watek Paraga ing Novel Manggalayuda Guntur Geni

Anggitanipun Any Asmara Novel Manggalayuda Guntur Geni gadhah 18 paraga inggih menika Resi Guntur Wasesa, Guntur Maruta, Guntur Geni, Prabu Banjarsari, Jemblung, Bawor, Rara Suli, Tumenggung Surengpati, Retna Pandanwangi, Resi Tunggulmanik, Adipati Sundara, Jaran Kepang, Jaran Panoleh, Surengrana, Surengjurit, Jaran Dawuk, Jaran Guyang, lan Resi Sumbing. 18 paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni gadhah watek ingkang beda-beda. Watekipun paraga saged dipunperang dados tiga inggih menika watek sacara fisiologis, watek sacara sosiologis, lan watek sacara psikologis. Katiga watek paraga saged dipuntingali saking narasi, dialog utawi monolog paraga- paraganipun. Boten sedaya paraga gadhah watek ingkang jangkep, namung wonten 10 paraga ingkang gadhah watek ingkang jangkep. Paraga sanesipun namung gadhah setunggal utawi kalih watek kemawon. Ing ngandhap menika paraga lan watekipun paraga dipunandharaken kanthi cetha.

a. Peran Paraga ing Novel Manggalayuda Guntur Geni

1 Resi Guntur Wasesa Resi Guntur Wasesa minangka ramanipun Guntur Geni. Ing ngandhap menika pirembagan saking asiling panaliten peranipun Resi Guntur Wasesa. Pethikan “Sang Resi Guntur Wasesa kagungan putra loro, kakung kabeh. Sing mbarep Guntur Maruta, dene rayine Guntur Geni.”Asmara, 1982: 3; no. data 2 nedahaken peran Resi Guntur Wasesa ingkang gadhah putra kalih. Ing kulawarganipun, Resi Guntur Wasesa dados rama saking kalih putra ingkang kembar inggih menika Guntur Maruta lan Guntur Geni. Putra ingkang pambajeng 54 inggih menika Guntur Maruta lan Guntur Geni minangka putra ingkang wuragil. Babagan kulawarganipun Resi Guntur Wasesa, ugi kaandharaken ing pethikan ngandhap menika. Pethikan “Adhuh angger sinuwun, manawi andangu pun bapa, nami kula Resi Guntur Wasesa, tiyang sepuhipun Manggalayuda Agung Guntur Geni, kula saking pertapan Watubelah.” Asmara, 1982: 54; no. data 7 lan pethikan “Yen kowe takon karo aku, ya aku iki sing jeneng Resi Guntur Wasesa, wong tuwane Guntur Geni sing wis kok pateni.”Asmara, 1982: 56; no. data 8 sami- sami nedahaken peran Resi Guntur Wasesa minangka tiyang sepuhipun Guntur Geni. Resi Guntur Wasesa gadhah putra kalih, salah satunggaling inggih menika Guntur Geni. Guntur Geni inggih menika putra ingkang wuragil. Putra ingkang pambajeng inggih menika Guntur Maruta. Pethikan ing ngandhap menika ngandharaken babagan pandhita ingkang sekti mandraguna, beda kaliyan pethikan ing nginggil menika. Dene kang jumeneng pandhita ana kono asmane Resi Guntur Wasesa, kang wis kondhang dadi pandhita kang sekti mandraguna, ora tedhas tapak paluning garenda, tinatah mendat, jinantra mentul. Asmara, 1982: 3; no. data 4 Pethikan ing nginggil nedahaken peranResi Guntur Wasesa minangka pandhita ingkang sekti mandraguna. Sacara sosiologis, pandhita ingkang sekti mandraguna menika dipunasilaken saking penilaian sosial. Resi Guntur Wasesa pandhita ingkang sekti mandraguna jumeneng ing pertapan Watubelah. Resi Guntur Wasesa ugi gadhah murid ingkang kathah ing pertapan Watubelah. Pethikan ing ngandhap menika ngandharaken babagan pakaryanipun Resi Guntur Wasesa, beda kaliyan pethikan ing nginggil nanging taksih wonten gayutanipun.