Underaning Perkawis Watesaning Perkawis

8

BAB II GEGARAN TEORI

A. Andharan Teori 1. Novel

Miturut Nurgiyantoro tembung novel asaling saking basa Itali novella ingkang saged dipunwastani salah satunggaling karya sastra ingkang boten dawa lan ugi boten cekak 2010: 9-10. Pamanggihipun Nurgiyantoro sami kaliyan pamanggihipun Sayuti 2000: 29 inggih menika novel menika boten dawa sanget ugi boten cekak. Kathahing kaca ing novel langkung kathah tinimbang ing cerkak nanging boten wonten paugeran babagan dawa cendhaking novel. Novel saged ngandharaken cariyos kanthi cetha lan langkung kathah klimaks ingkang jangkep sanget. Novel lan cerkak sami-sami ngemot unsur pembangun inggih menika unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Pamanggihipun sanesipun saking Forster 1971: 34 bilih novel inggih menika cariyos prosa ingkang dawa. Cacahipun tembung antawis 50.000 tembung. Aspek novel menika ngandharaken cariyos pagesangan lan nilai-nilai pagesangan kanthi cara tartamtu. Pamanggihipun Sayuti sami kaliyan pamanggihipun Stanton 1965: 44 bilih novel lan cerkak sami-sami ngemot unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik, nanging novel lan cerkak menika wonten bedanipun inggih menika ing dawanipun cariyos. Novel langkung dawa tinimbang cerkak saengga novel saged ngandharaken sipat lan prastawa sosial kanthi langkung cetha. Novel saged ngandharaken perkawis ingkang jangkep saengga saged ugi ngandharaken donya ingkang jangkep. 9 Dadosipun, novel inggih menika salah satunggaling karya sastra ingkang ngandharaken cariyos pagesangan paraga-paraganipun lan nilai-nilai pagesanganipun. Cacahing tembung ing novel inggih menika 50.000 tembung. Novel ngandharaken cariyos paraga ingkang langkung kathah dipuncariyosaken inggih menika paraga utama. Novel lan cerkak saged dipunbedakaken saking unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik ingkang variatif sanget, menawi unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik cerkak langkung sakedhik tinimbang novel.Unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik novel langkung jangkep tinimbang cerkak. Alur cerkak namung gadhah setunggal alur ananging alur novel langkung saking setunggal alur inggih menika setunggal alur utama gadhah sub-subplot tambahan. Alur utama menika ngandharaken sarining perkawis ingkang dipuncariyosaken ing novel nanging alur tambahan menika nyengkuyung alur utamanipun lan ugi gadhah gayutan kaliyan alur utama. Tema novel sami kaliyan alur novel ingkang langkung saking setunggal. Tema novel gadhah setunggal tema utama lan tema-tema tambahan. Tema tambahan menika ginanipun sami kaliyan alur tambahan inggih menika kedah nyengkuyung tema utama lan ugi gadhah gegayutan kaliyan tema utama. Paraga novel adatipun dipunandharaken kanthi langkung cetha. Latar novel ngandharaken latar papan, latar wektu, latar sosial lan latar swasana kanthi cetha. Ngandharaken latar novel prayoginipun langkung cetha menawi perlu kemawon, boten sedaya latar kedah dipunandharaken kanthi cetha. Paraga novel adatipun ngandharaken babagan ciri fisiologis paraga, swasana sosial paraga,