Data Jinising Paraga Miturut Pencerminan Paraga tumrap Manungsa
30
maringi sesebutan Tumenggung Guntur Geni Guntur Geni banjur sowan dhateng pondhokanipun Surengpati.
Jajahan praja Sigaluh langkung wiyar amargi Guntur Geni dados Manggalayuda Agung ing praja Sigaluh. Kabar jajahan praja Sigaluh langkung
wiyar dadosaken Adipati Sundara ing Kledung kuwatos menawi Kadipaten Kledung badhe dipunjajah ugi. Resi Sumbing minangka senopati Kadipaten
Kledung paring pamrayogi bilih Adipati Sundara kedah nyuwun bantuan saking Parakan lan ngrebat Tumbak Pusaka Kyai Wulung ingkang dadosaken praja
Sigaluh saged madeg dados nagari ingkang sae. Praja Sigaluh geger amargi Tumbak Pusaka Kyai Wulung ical saking
kraton dalem. Miturut Resi Tunggulmanik icaling pusaka praja Sigaluh saking ulahing mengsah. Retna Pandanwangi paring pamrayogi menawi badhe ngrebat
pusaka praja Sigaluh boten mawi perang tandhing nanging mawi tumindak culika. Surengpati, Surengrana, Surengjurit, Guntur Geni sarujuk menawi badhe
tumindak culika kanthi dados ledhek lan para niyaga. Nyai Wungu tinimbalan mlebet ing Kadipaten lajeng Nyai Wungu
ngucapaken aji panyirepan dadosaken Sang Adipati kados sare kepati semana ugi sedaya prajurit. Retna Pandanwangi nemokaken pusaka Kyai Wulung. Guntur
Geni masrahaken pusaka dhateng Surengpati supados enggal-enggal dipunbeta wangsul ing praja Sigaluh dening Surengpati lan Retna Pandanwangi. Guntur
Geni, Surengrana, lan Surengjurit banjur ngobrak-abrik sapasanggrahan dadosaken Sang Adipati gregah saking wungunipun. Sang Adipati duka nalika
ngertos icaling pusakaning Sigaluh.
31
Adipati Sundara netujoni pamrayoginipun Resi Sumbing nggempur praja Sigaluh kedah ngangge siasat. Prajurit sami bidhal dhateng praja Sigaluh. Praja
Sigaluh kaget kathah prajuritipun Adipati Sundara sampun ngepung praja Sigaluh. Guntur Geni, Surengpati, Surengrana, Surengjurit, lan Retna Pandanwangi nembe
ngertos bilih praja Sigaluh sampun dipunkepung mengsah. Retna Pandanwangi lan Surengpati ngampingi Sang Prabu ing salebeting kraton dene Guntur Geni,
Surengrana, lan Surengjurit methukaken tumekaning mengsah. Kathah mengsah ingkang tiwas ing tanganing Guntur Geni inggih menika
Adipati Sundara, Patih Arya Belik. Senopati Kledung sami tiwas ing tanganing Surengrana lan Surengjurit. Resi Sumbing muntab lajeng nebak dhadhanipun
Surengpati. Surengpati ambruk. Resi Sumbing banjur ngayuda kaliyan Guntur Geni. Guntur Geni kalah amargi kekiyatanipun boten sami. Prajurit praja Sigaluh
sedhih nalika Manggalayuda Agung Guntur Geni gugur. Jemblung lan Bawor ingkang mirsani guguring bendaranipun lajeng
nyaosi atur kaliyan Resi Guntur Wasesa. Jemblung, Bawor, lan Resi Guntur Wasesa lajeng sowan wonten ngarsanipun Sang Prabu. Resi Guntur Wasesa
sedhih amargi putranipun pejah ing payudan lan badhe paring piwales dhateng Resi Sumbing. Enjingipun, Resi Guntur Wasesa nandhingi Resi Sumbing ing
payudan. Resi Sumbing gugur ing payudan. Sang Prabu kraos remen ing penggalih lajeng badhe nyaosi ganjaran
marang Resi Guntur Wasesa. Sang Resi nyuwun supados putranipun ingkang dipunparingi ganjaran. Guntur Maruta dados Manggalayuda Agung Guntur
Maruta, nggentosi Guntur Geni ingkang sampun gugur ing payudan.