Jinising paraga miturut ewah gingsiring watekipun paraga

55 Anane banjur dijenengi Watubelah, amarga pertapan mau dumunung ana watu gedhe kang sigar belah. Dene kang jumeneng pandhita ana kono asmane Resi Guntur Wasesa, kang wis kondhang dadi pandhita kang sekti mandraguna, ora tedhas tapak paluning garenda, tinatah mendat, jinantra mentul. Mula siswane Sang Resi Guntur Wasesa akeh banget , paribasan tanpa wilangan akehe. Asmara, 1982: 3; no. data 3 Pethikan ing nginggil nedahaken peran Resi Guntur Wasesa ingkang dados pandhita utawi guru ing pertapan Watubelah. Andharan saking pangripta sampun saged ngandharaken Resi Guntur Wasesa dados pandhita ing pertapan Watubelah. Resi Guntur Wasesa minangka pandhita ingkang sekti mandraguna ndadosaken Resi Guntur Wasesa gadhah siswa ingkang kathah ing pertapan Watubelah. 2 Guntur Maruta Guntur Maruta inggih menika putranipun Resi Guntur Wasesa lan kakangipun Guntur Geni. Ing ngandhap menika pirembagan saking asiling panaliten peranipun Guntur Maruta. Pethikan “Sang Resi Guntur Wasesa kagungan putra loro, kakung kabeh. Sing mbarep Guntur Maruta, dene rayine Guntur Geni.” Asmara, 1982: 3; no. data 23 nedahaken peran Guntur Maruta minangka putranipun Resi Guntur Wasesa ingkang pambajeng. Resi Guntur Wasesa gadhah putra kalih, kakung sedaya. Putra ingkang pambajeng inggih menika Guntur Maruta dene Guntur Geni minangka putra ingkang wuragil. Pethikan ing nginggil taksih gadhah gayutan kaliyan pethikan ing ngandhap menika. Resi Guntur Wasesa gadhah putra kalih lan putranipun menika kembar. “Teka dedeg piadegipun dalah praupanipun meh sami kaliyan Guntur Geni paman.” “Waleh-waleh punapa sinuwun. Pancen sejatosipun Guntur Geni lan Guntur Maruta punika lare kembar, ingkang sepuh Guntur Maruta, 56 ingkang enem Guntur Geni. ” Asmara, 1982: 58-59; no. data 27 Pethikan ing nginggil nedahaken peran Guntur Maruta minangka lare kembar kaliyan Guntur Geni. Putra ingkang pambajeng inggih menika Guntur Maruta dene putra ingkang wuragil inggih menika Guntur Geni. Badanipun lan pasuryanipun Guntur Maruta sami kaliyan Guntur Geni amargi Guntur Maruta lan Guntur Geni menika sajatosipun lare kembar. Ramanipun Guntur Maruta lan Guntur Geni inggih menika Resi Guntur Wasesa. Pethikan ing ngandhap ngandharaken babagan Guntur Maruta minangka satriya ingkang sekti mandraguna, beda kaliyan pethikan ing nginggil. Pethikan “Sing mbarep Guntur Maruta, dene rayine Guntur Geni. Satriya loro mau uga wis kondhang kasektene , lan ngerti marang agal alus.” Asmara, 1982: 3; no. data 28 nedahaken peran Guntur Maruta minangka salah satunggaling satriya ingkang sekti. Sacara sosiologis, satriya ingkang sekti dipunasilaken saking penilaian sosial. Pethikan ing nginggil taksih gadhah gayutan kaliyan pethikan ing ngandhap menika. Guntur Maruta minangka satriya ingkang sekti mandraguna ndadosaken Guntur Maruta saged dados Manggalayuda Agung ing praja Sigaluh. “Inggih paman, kula sapunika sampun pitados kaliyan ingkang putra. Ingkang putra badhe kula paringi kalenggahan ingkang sami kaliyan Guntur Geni, dados Manggalayuda Agungpraja Sigaluh ngriki, kula paringi sesebatan tumenggung Agung Maruta .”Asmara, 1982: 59; no. data 29 Pethikan ing nginggil nedahaken peran Guntur Maruta dados Manggalayuda Agung ing praja Sigaluh nggentosi Guntur Geni amargi Guntur Geni sampun nemahi pejah ing payudan. Prabu Banjarsari ingkang maringi dhawuh supados Guntur Maruta nggentosi Guntur Geni. Pethikan ing ngandhap