Jinising paraga miturut pencerminan paraga tumrap manungsa ing
56
ingkang enem Guntur Geni. ” Asmara, 1982: 58-59; no. data 27
Pethikan ing nginggil nedahaken peran Guntur Maruta minangka lare kembar kaliyan Guntur Geni. Putra ingkang pambajeng inggih menika Guntur
Maruta dene putra ingkang wuragil inggih menika Guntur Geni. Badanipun lan pasuryanipun Guntur Maruta sami kaliyan Guntur Geni amargi Guntur Maruta lan
Guntur Geni menika sajatosipun lare kembar. Ramanipun Guntur Maruta lan Guntur Geni inggih menika Resi Guntur Wasesa. Pethikan ing ngandhap
ngandharaken babagan Guntur Maruta minangka satriya ingkang sekti mandraguna, beda kaliyan pethikan ing nginggil.
Pethikan “Sing mbarep Guntur Maruta, dene rayine Guntur Geni.
Satriya loro mau uga wis kondhang kasektene
, lan ngerti marang agal alus.” Asmara, 1982: 3; no. data 28 nedahaken peran Guntur Maruta minangka salah
satunggaling satriya ingkang sekti. Sacara sosiologis, satriya ingkang sekti dipunasilaken saking penilaian sosial. Pethikan ing nginggil taksih gadhah
gayutan kaliyan pethikan ing ngandhap menika. Guntur Maruta minangka satriya ingkang sekti mandraguna ndadosaken Guntur Maruta saged dados Manggalayuda
Agung ing praja Sigaluh. “Inggih paman, kula sapunika sampun pitados kaliyan ingkang putra.
Ingkang putra badhe kula paringi kalenggahan ingkang sami kaliyan Guntur Geni, dados Manggalayuda Agungpraja Sigaluh ngriki, kula
paringi sesebatan tumenggung Agung Maruta .”Asmara, 1982: 59;
no. data 29 Pethikan ing nginggil nedahaken
peran Guntur Maruta dados
Manggalayuda Agung ing praja Sigaluh nggentosi Guntur Geni amargi Guntur Geni sampun nemahi pejah ing payudan. Prabu Banjarsari ingkang maringi
dhawuh supados Guntur Maruta nggentosi Guntur Geni. Pethikan ing ngandhap
57
ngandharaken babagan Guntur Maruta minangka garwanipun Retna Pandanwangi, beda kaliyan pethikan ing nginggil menika.
Praja Sigaluh banjur bisa bali tata tentrem maneh, akeh negara sakiwa tengene kang durung manunggal banjur padha manunggal
karo Sigaluh, ora karana ginebug ing perang. Praja Sigaluh saya tambah moncere. Manggalayuda AgungGuntur Maruta saya kondhang
arum jenenge. Retna Pandanwangi banjur digarwa dening Guntur Maruta
, saka kersane Sang Prabu. Asmara, 1982: 59; no.data 30 Prabu Banjarsari paring dhawuh supados Guntur Maruta saged nggentosi
Guntur Geni dados Manggalayuda Agung ing praja Sigaluh. Prabu Banjarsari paring dhawuh malih supados Guntur Maruta dados garwanipun Retna
Pandanwangi. Pethikan ing nginggil nedahaken peran Guntur Maruta dados garwanipun Retna Pandanwangi, nggentosi Guntur Geni ingkang sampun nemahi
pejah ing payudan.
3 Guntur Geni
Guntur Geni inggih menika putranipun Resi Guntur Wasesa lan adhinipun Guntur Maruta. Ing ngandhap menika pirembagan saking asiling
panaliten peranipun Guntur Geni.Pethikan “Yen kowe takon karo aku, ya aku iki
sing jeneng Resi Guntur Wasesa, wong tuwane Guntur Geni sing wis kok
pateni.”Asmara, 1982: 56; no. data 62 lan pethikan “Sang Resi Guntur Wasesa
kagungan putra loro, kakung kabeh. Sing mbarep Guntur Maruta, dene rayine Guntur Geni
.”Asmara, 1982: 3; no. data 31 sami-sami nedahaken peran Guntur Geni minangka salah satunggaling putranipun Resi Guntur Wasesa. Resi Guntur
Wasesa gadhah putra kalih inggih menika Guntur Maruta lan Guntur Geni. Guntur Maruta inggih menika putra ingkang pambajeng dene Guntur Geni inggih menika