Panaliten ingkang Relevan GEGARAN TEORI

24

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni anggitanipun Any Asmara ngginakaken metode panaliten deskriptif lan pendekatan objektif. Paraga inggih menika salah satunggaling unsur intrinsik. Panaliten deskriptif inggih menika ngandharaken data ingkang jumbuh kaliyan watesaning perkawis. Miturut Kutha Ratna, 2009: 72-74 pendekatan objektif inggih menika analisis unsur-unsur ing salebeting waosan utawi unsur-unsur intrinsik. Dudutanipun panaliten deskriptif lan pendekatan objektif inggih menika panaliten ngandharaken tembung-tembung lan ukara-ukara saking karya sastra ingkang arupi unsur intrinsik ing salebeting waosan ingkang jumbuh kaliyan watesaning perkawis.

B. Data lan Sumbering Data

Panaliten menika ngginakaken panaliten deskriptif. Asiling panaliten deskriptif inggih menika data deskriptif. Data deskriptif ing panaliten menika awujud tembung-tembung lan ukara-ukara ing paragraf gegayutan kaliyan paraga saking novel Manggalayuda Guntur Geni. Panaliten menika mendhet lan nganalisis data jumbuh kaliyan watesaning perkawis. Sumbering data inggih menika novel Manggalayuda Guntur Geni anggitanipun Any Asmara ingkang kacithak wulan Desember taun 1982. Novel menika wonten 59 kaca ingkang awujud 8 bab inggih menika pertapan Watubelah, Manggalayuda Praja Sigaluh, perang tandhing, tumbak Kyai Wulung musna, ledhek Nyai Wungu, gandrunging 25 ati sing lagi nandhang kasmaran, Manggalayuda Agung gugur ing payudan, lan Resi Sumbing gugur ing payudan.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Data wonten panaliten menika inggih menika data deskriptif. Caranipun ngempalaken data deskriptif ngginakaken teknik maos-nyerat baca-catat. Cak- cakanipun teknik maos-nyerat inggih menika makaten. 1. Panaliti ngempalaken data kanthi maos teks kanthi tliti. 2. Data ingkang wonten sesambetanipun kaliyan paraga dipunserat ing kertu analisa data. 3. Data ingkang sampun dipunserat lajeng dipunreduksi utawi data dipunkirangi supados jumbuh kaliyan watesaning perkawis. 4. Data ingkang sampun dipunreduksi lajeng saged dipunrembag. Panaliti ngginakaken teknik maos-nyerat amargi teknik menika trep kaliyan sipatipun sumbering data inggih menika data seratan awujud novel Manggalayuda Guntur Geni. Teknik maos-nyerat nggampilaken anggenipun panaliti ngecek kebenaran sumbering data.

D. Pirantining Panaliten

Panaliten menika ngandharaken babagan paraga ing novel. Data ingkang dipunkempalaken inggih menika data deskriptif saking novel Manggalayuda Guntur Geni saengga piranti ingkang dipunginakaken inggih menika kertu analisa data. Panaliti ngempalaken data ngginakaken kertu analisa data. Panaliti kedah damel kategori-kategori data saderengipun panaliti nyerat asiling panaliten. Kertu 26 analisa data dipunginakaken kangge nyerat data deskriptif saking novel ingkang dipunrembag supados panaliten menika saged kaleksanan kanthi sistematis. Panaliti pikantuk data lajeng data dipunperang miturut kategori paraga supados saged gampil nliti lan ngrembag data. Ing ngandhap menika wonten nem wujud kertu analisa data ingkang dipunginakaken ing panaliten kangge nyerat data deskriptif saking novel Manggalayuda Guntur Geni. Tabel 1: Data Jinising Paraga ing Novel Manggalayuda Guntur Geni a. Data Jinising Paraga Miturut Tingkat Wigatosipun ing Novel Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan UtamaTambahan No. Data 1.

2. b.

Data Jinising Paraga Miturut Ginanipun Penampilan Paraga ing Novel Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan ProtagonisAntagonis No. Data

1. 2.

c. Data Jinising Paraga Miturut Ewah-Gingsiring Watekipun ing Novel

Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan StatisBerkembang No. Data

1. 2.

d. Data Jinising Paraga Miturut Pencerminan Paraga tumrap Manungsa

saking Kasunyatan ing Novel Manggalayuda Guntur Geni No Nama Paraga Data Titikan TipikalNetral No. Data 1. 2.