28
F. Caranipun Ngesahaken Data
Caranipun ngesahaken data ngginakaken validitas lan reliabilitas. Panaliten menika ngginakaken validitas lan reliabilitas data supados data ingkang
dipunrembag saged valid sahih lan reliable ajeg. Uji validitas ngginakaken validitas semantis. Miturut Endraswara 2011: 164, “Validitas semantis yakni
mengukur tingkat kesensitifan makna simbolik yang bergayut dengan konteks”. Miturut pamanggihipun Endraswara menika, validitas semantis menika
ngandharaken data-data ingkang valid dipunjumbuhaken kaliyan konteks ukaranipun.
Uji reliabilitas ngginakaken reliabilitas interrater lan reliabilitas intrarater. Reliabilitas interrater kanthi sarana maos lan nliti wongsal-wangsul
ing data ingkang sami dumugi pikantuk data ingkang ajeg. Reliabilitas intrarater inggih menika nyuwun pirsa dhateng dosen pembimbing lan kanca ingkang
gadhah ngelmu babagan sastra mliginipun babagan paraga ing novel utawi cariyos.
29
BAB IV ASILING PANALITEN LAN PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
Asiling panaliten Panggaraping Paraga Ing Novel Manggalayuda Guntur Geni Anggitanipun Any Asmara inggih menika awujud andharan babagan
1 jinising paraga-paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni; lan 2 peran lan watekipun paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni. Asiling panaliten
menika dipunandharaken mawi kalih perangan gayut kaliyan watesaning perkawis lan saben perangan dipunandharaken mawi
tabel. Asiling panaliten dipunandharaken langkung cetha
ing pirembagan. Pramila, saderengipun
dipunandharaken asiling panaliten perlu dipunaturaken ringkesaning isi novel Manggalayuda Guntur Geni.
1. Ringkesaning Isi Novel Manggalayuda Guntur Geni
Resi Guntur Wasesa inggih menika pandhita sekti mandraguna ingkang jumeneng ing pertapan Watubelah. Resi Guntur Wasesa kagungan putra kalih
inggih menika Guntur Maruta kaliyan Guntur Geni. Kersanipun Sang Resi, Guntur Maruta badhe kinarya ing pertapan Watubelah dene Guntur Geni
dipundhawuhi nyuwita ing praja Sigaluh. Guntur Geni namung saged ndherek kersanipun Sang Resi.
Guntur Geni sampun dumugi ing praja Sigaluh lan badhe nglebeti sayembara kanthi adu arep kaliyan Tumenggung Surengpati. Satriya kalih wau
anggenipun bandayuda dangu sanget. Satriya kalih sami-sami sekti mandraguna. Nalika Guntur Geni mathek aji petak angin, Tumenggung Surengpati boten saged
nandhingi ajinipun Guntur Geni. Ganjaran saking Prabu Banjarsari inggih menika