Cårå CARANING PANALITÈN

43 Lajêngipun tabel No. Katrangan Asiling deskripsi naskah såhå teks SWP 6. Kolofonpanutup a. Wêkdal pungkasipun damêl sêrat Bab panutup teks kasêrat wontên kåcå 18, ingkang kasêrat saking pådå pungkasan wiwit gatrå ingkang kaping kalih, cuplikanipun inggih mênikå ... paripurnå titining panitrå anujwari Akad Wage siyam mångså sapuluh ping wolu lan jam sångå enjing wukunirå Kuningan ringkêlan Mawulu ing taun Dal sinangkalan tåtå tåtå ngesthi gusti 1855 mrih lestari marsudi kautaman Saking cuplikan panutup ing nginggil kaandharakên bab wêkdal pungkasipun panganggit damêl SWP mênikå. Parafrase saking cuplikan ing ngginggil inggih mênikå sampun paripurnå anggènipun nyêrat ing dintên Ahad Wage, tanggal 8, tabuh 9 énjing, wulan Ramadhan, mångså sadåså. Ing wuku Kuningan, paringkêlanipun Mawulu, taunipun Dal, sagêd dipunmangrêtosi saking sêngkalanipun; tåtå- tåtå ngèsthi Gusti 1855 supados tansah lestantun anggènipun sinau kautamèn. 7. Kawontênaning naskah Kawontênaning naskah taksih saé, dipunjilid ngginakakên selotip cêmêng ananging lêpas ing kåcå sakawan såhå gangsal, lajêng wontên pérangan kåcå ingkang bolong amargi dipunpangan rêngêt 8. Jinising bahan naskah Dlancang HVS 9. Jinising naskah adhêdhasar katalog Piwulang 10. Cover naskah Cover naskah dlancangipun warni merah maroon . Irah-irahanipun naskah kasêrat mawi aksårå mbåtå sarimbag. 11. Isinipun naskah a. Samak naskah warni soklat sisih ngajêng b. Lembar satunggal kosong c. Lembar kalih mawi dlancang merah maroon d. Kåcå satunggal taksih gayut kaliyan cover naskah e. Kåcå kaping kalih kosong f. Kåcå tigå dumugi kåcå wolulas ngêwrat teks SWP g. Lembar tiga wingking warni merah maroon h. Samak naskah wingking 12. Cacahing larik sabên sakåcå Cacahing larik sabên sakåcå wontên 21 larik. 13. Ukuraning naskah umum wiyar såhå panjangipun 14, 3 cm x 21, 5 cm 44 Lajêngipun tabel No. Katrangan Asiling deskripsi naskah såhå teks SWP 14. Kandêling naskah ingkang dipuntliti 1 mm 15. Ukuraning teks 10, 8 cm x 15, 8 cm 16. Ukuraning margin teks a. nginggil b. ngandhap c. kiwå d. têngên a. 2,7 cm b. 2,8 cm c. 1,2 cm d. 2,3 cm 17. Isining teks satunggal mênåpå kêmpalan mapintên-pintên teks Teks SWP namung ngêwrat satunggal teks kémawon. 18. Dhapukaning teks gancaran mênåpå sêkar Teks SWP kawahyakakên kanthi dhapukan sêkar måcåpat. 19. Samaking naskah warni mênåpå, wujudipun kadospundi, kawontênanipun kadospundi, kadamêl saking mênåpå Samakipun naskah warni soklat, ngginakakên dlancang karton lajêng dipunjilid ngginakakên selotip cêmêng. Dipunsamaki plastik bening. 20. Jinising aksårå naskah Aksårånipun naskah SWP mênikå awujud aksårå Jåwå cithak ingkang kaserat jêjêg. Warninipun mangsi ingkang kaginakaken kangge nyerat sadåyå cêmêng 21. Nomêripun kaca naskah mapan ing pundi, warni mênapa, kalêbêt jinising aksårå mênapa Nomêripun naskah mapan wontên ing nginggil sisih têngah, ngginakakên aksårå ångkå Jåwå. 22. Basaning teks Teks SWP ngginakakên båså Jawi gagrag anyar. 23. Cacahipun kåcå naskah ingkang badhé dipuntliti Cacahipun kåcå naskah ingkang badhé dipuntliti wontên gangsal wêlas kåcå, saking kåcå kaping tigå dumugi kacå kaping wolu-las 24. Cacahipun pupuh ingkang dipuntliti 7 pupuh 25. Nåmånipun pupuh Dhandhanggulå Pangkur Mijil Kinanthi Sinom Pocung Dhandhanggulå