Urut-urutaning gangsal-wêlas warni Sêkar Måcåpat Sêkar Alit

30

D. Panalitèn Ingkang Jumbuh

Fungsi panalitèn ingkang jumbuh inggih mênikå minångkå acuan ing pérangan konsep . Panalitèn ingkang jumbuh kaliyan panalitèn mênikå antawisipun panalitèn ingkang dipuntindakakên déning Dewi Istikomah såhå Wulan Ambarwati kaandharakên kados ing ngandhap mênikå. 1 Dewi Istiqomah 2012 ingkang asêsirah Tinjauan filologi serat Darmawirayat. Panalitèn kasêbut jumbuh amargi sami ngginakakên metode panalitèn deskriptif såhå objek panalitènipun piwulang. Panalitèn ingkang dipuntindakakên déning Dewi Istiqomah sagêd dipundadosakên acuan ing pérangan metode panalitèn filologi , inggih mênikå : 1 inventarisasi naskah , 2 deskripsi naskah utawi teks , 3 pamilihing naskah , 4 transliterasi standar teks , 5 suntingan standar teks , 6 terjemahan harfiah, makna, bebas teks . Ananging, wontên ugi bab ingkang botên jumbuh inggih panalitѐnipun Dewi Istiqomah 2012 ngandharakên nilai-nilai moral ingkang kawrat wontên Sêrat Darmawirayat , déné panalitѐn mênikå ngandharakên kawruh anggayuh raosing gesang ingkang sajatos wontên teks SWP. 2 Wulan Ambarwati 2013, kanthi irah-irahanipun Tinjauan Filologi dan Analisis Ajaran Martabat Tujuh dalam Serat Cecangkriman karya R. Ranggawarsita . Panalitèn kasêbut jumbuh amargi nliti naskah Jawi kanthi cara filologi s; inggih mênikå : 1 inventarisasi naskah , 2 deskripsi naskah såhå teks , 3 transliterasi teks , 4 suntingan teks , såhå 5 terjemahan teks . Panalitènipun Wulan Ambarwati ugi sami ngginakakên metode panalitèn deskriptif . 31 Bédanipun Tinjauan Filologi dan Analisis Ajaran Martabat Tujuh dalam Serat Cecangkriman karya R. Ranggawarsita kaliyan Kajian Filologi såhå Analisis Kawruh Anggayuh Raosing Gêsang ingkang Sajatos wontên Sêrat Wédyå Praståwå wontên ing objek panalitènipun. Objek panalitènipun Wulan Ambarwati mênikå ajinis wirid, déné objek panalitèn mênikå awujud piwulang. Fokus panalitènipun Wulan Ambarwati inggih mênikå ajaran martabat tujuh, déné fokus panalitèn mênikå ngrembag kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos. Panalitèn ingkang dipuntindakakên déning Wulan Ambarwati sagêd dipundadosakên acuan ing pérangan metode panalitèn filologi , inggih mênikå 1 inventarisasi naskah , 2 deskripsi naskah utawi teks , 3 transliterasi teks standar , 4 suntingan teks standar , 5 terjemahan harfiah, makna, bebas teks . Sinaoså panalit ѐn mênikå wontên bédanipun kaliyan panalitѐnipun Dewi Istikomah 2012 såhå Wulan Ambarwati 2013 kasêbut, nanging kalih panalit ѐn mênikå sagêd dipundadosakên pathokan såhå cårå panalitѐnipun sagêd dipunginakakên wontên panalitѐn mênikå. Pramilå, bab ingkang jumbuh antawisipun kalih panalitѐn kasêbut nyêngkuyung panalitѐn mênikå saking segi teori såhå cårå panalitѐnipun.