Cårå Ngêmpalakên

37 Lampahing panalitèn ingkang kêdah dipunsêrat ngginakakên kartu data inggih mênikå: 1 nyêrat asiling data inventarisasi naskah Sêrat Wédyå Praståwå , 2 nyêrat asiling deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå , 3 nyêrat asiling transliterasi teks såhå suntingan-ipun, såhå 4 nyêrat aparat kritik. Sakawan kartu data mênikå dipundamêl tabel kanthi tulådhå kados ing ngandhap mênikå. Tabel

3: Kartu Data kanggé Nyêrat Asiling Inventarisasi

Naskah Katalog ingkang dipunginakakên Irah-irahan naskah ingkang kapanggihakên Pelacakan ing papan panyimpening naskah katrangan Tabel

4: Kartu Data kanggé Nyêrat Asiling Deskripsi

Naskah såhå Teks No. Katrangan Asiling deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå 1. Papan panyimpêning naskah 2. Panyêratipun 3. Nomêr kodeks 4. Irah-irahan: a. Kaserat ing pundi kemawon, kåcå pintên b. Adhêdhasar katrangan saking teks utawi katalog c. Katrangan sêrataning irah-irahaning naskah 5. Manggalaandharan ing wiwitan botèn gayut kalihan isining teks : a. Wekdal anggenipun nyerat b. Asmanipun panganggit c. Ingkang nyebabakên teks dipunserat d. Ancasing nyerat teks e. Pangajab rikala nyerat teks f. Pepuji 38 Lajêngipun tabel No. Katrangan Asiling deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå 6. Kolofonpanutup a. Andharan sajawining isi teks , mapan ing pungkasan b. Wekdal pungkasipun damel serat c. Papan rikala nyerat d. Asmanipun panganggit e. Ingkang nyebabakên teks dipunserat f. Ancasing nyerat teks g. Pangajab rikala nyerat teks Kawontênaning naskah 7. Jinising bahan naskah 8. Jinising naskah adhêdhasar katalog 9. Cover naskah 10. Isinipun naskah 11. Cacahing larik sabên sakåcå 12. Ukuraning naskah umum wiyar såhå panjangipun 13. Kandêling naskah ingkang dipuntliti 14. Ukuraning margin naskah khusus 15. Dhapukaning teks gancaran menapa sekar 16. Isining teks satunggal mênåpå kêmpalan mapintên-pintên teks 17. Dhapukaning teks gancaran mênåpå sêkar 18. Samaking naskah warni mênåpå, wujudipun kadospundi, kawontênanipun kadospundi, kadamêl saking mênåpå 19. Jinising aksårå naskah 20. Sikaping aksårå jêjêg, miring manêngên, mênåpå mangiwå 21. Nomêripun kaca naskah mapan ing pundi, warni mênapa, kalêbêt jinising aksårå mênapa 22. Warninipun mangsi 23. Basaning teks 24. Cacahipun kåcå naskah ingkang badhé dipuntliti 25. Cacahipun pupuh ingkang dipuntliti 26. Nåmånipun pupuh 27. Cathêtan ing sajawining teks såhå katrangan sanès 28. Wujuding ångkå Jåwå 29. Aksårå dêntåwyanjånå carakan 39 Lajêngipun tabel No. Katrangan Asiling deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå 30. Pasangan dêntåwyanjånå carakan 31. Wujuding aksårå gantosipun rê såhå lê 32. Wujuding sandhangan 33. Wujuding aksårå Swårå 34. Wujuding aksårå Murdå 35. Wujuding mangajapå 36. Tåndhå metra Tabel

5: Kartu Data kanggé Nyêrat Asiling

Transliterasi Teks , såhå Suntingan Teks Asiling transliterasi standar Asiling suntingan standar Tabel

6: Kartu Data kanggé Nyêrat Aparat Kritik

No. Transliterasi Standar Suntingan Sasampunipun Dipun- sunting Katrangan

E. Cårå

Analisis Data Panalitèn Cårå analisis data ingkang dipunginakakên wontèn panalitèn mênikå, inggih analisis deskriptif . Teknik analisis kasêbut dipunpilih amargi njumbuhakên kaliyan ancasing panalitèn mênikå, inggih kanggé ngandharakên isining teks Sêrat Wédyå Praståwå . Caranipun analisis data ing panalitèn mênikå wontèn sakawan, inggih mênikå 1 reduksi data , 2 klasifikasi data , 3 display data , såhå 4 penafsiran utawi interpretasi . Lampahing analisis data ingkang sapisanan inggih mênikå reduksi data . Reduksi data inggih mênikå ngrangkum data , milah data såhå memfokuskan data 40 ing piwulang kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos sartå ngicali data ingkang botèn ngêwrat kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos. Lampahing analisis data ingkang kaping kalih inggih mênikå klasifikasi data . Klasifikasi data kalampahan kanthi merangakên data ingkang ngêwrat piwulang kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos. Manawi data sampun dipun- klasifikasi lajêng dipun- display data . Display data kadamêl kanthi ngandharakên data ingkang sampun dipunpérang ingkang awujud indikator. Lampahing analisis ingkang pungkasan inggih mênikå penafsiran utawi interpretasi ngéngingi bab ingkang gayut kaliyan piwulang kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos kanthi sistematis såhå objektif , salajêngipun dipun- analisis kanthi deskriptif .

F. Cårå Ngêsahakên

Data Panalitèn Ing panalitèn mênikå, botên sadåyå data ingkang sampun kapanggihakên dipunsêbut absah valid såhå reliabel . Data asiling panalitèn dipunsêbut absah mênåpå botên, gumantung saking prêkawis-prêkawis tartamtu, inggih mênikå subjektivitas panaliti, cacahing data ingkang dipunpanggihakên, ketepatan referensial, lsp. Pramilå, supados data mênikå absah -ipun inggil, data kêdah dipun- reduksi . Reduksi data dipunlampahi kanthi mêndhêt data ingkang jumbuh kaliyan panalitèn, déné data ingkang botên jumbuh botên dipunginakakên. Cårå kanggé ningali absah -ipun data ing panalitèn mênikå ngginakakên validitas data såhå reliabilitas data . Validitas data ingkang dipunginakakên inggih mênikå validitas semantik amargi sumber data panalitèn mênikå awujud