Pangrêtosan ingkang Gayut kaliyan Irah-irahan

12 2. Objek Panalitèn F ilologi Sabên ngèlmi mênikå wontên objek panalitènipun. Makatên ugi ngèlmi filologi . Objek panalitèn filologi inggih mênikå naskah såhå teks . Kanggé nggampilakên anggènipun mangrêtosi bab objek panalitèn filologi milå kadamêl bagan kados ing ngandhap mênikå. Bagan 2: Objek Panalitèn filologi Bagan 2 ing nginggil ngêwrat objek panalitèn filologi kanthi ringkês. Objek panalitèn filologi awujud naskah såhå teks pangrêtosanipun kapratélakakên kados ing ngandhap mênikå.

a. Naskah

Têmbung naskah wontên båså Inggris manuscript, wontên båså Walandi têmbung naskah dipunsêbut handschrift, déné wontên ing båså Latin, têmbung naskah dipunsêbut codex utawi kodeks têgêsipun „buku’ Mulyani, 2009: 2. Naskah inggih mênikå sêratan mawi astå ingkang ngêwrat manéka warni wohing pamikir såhå pangraos minångkå asiling budåyå jaman rumiyin Baroroh-Baried, 1985: 54. Miturut Djamaris 2002: 3, têgêsing naskah inggih mênikå sadåyå bahan têtilaran saking pårå sêpuh jaman rumiyin ingkang sinêrat mawi astå såhå ngginakakên dlancang. Objek panalitèn filologi Naskah Teks 13 Naskah inggih mênikå anggitan ingkang sinêrat mawi astå, ingkang taksih asli menåpå déné têdhakanipun, ingkang ngêwrat teks utawi rêrangkéning têtêmbungan ingkang sagêd dipunwaos Onions lumantar Darusuprapta, 1984: 1. Salajêngipun, Baroroh-Baried 1985: 55 ngandharakên bilih naskah minångkå objek panalitèn filologi mênikå konkrit , têgêsipun wujudipun sagêd dipuntingali. Saking andharan ing nginggil, sagêd dipunpêndhêt dudutanipun bilih pangrêtosaning naskah inggih mênikå sadåyå anggitan ingkang dipusêrat mawi astå utawi sêratan carik, ingkang asli menåpå déné têdhakanipun. Naskah mênikå minångkå têtilaraning pårå sêpuh ing jaman rumiyin dumados saking rêrangkéning têtêmbungan ingkang ngêwrat manékå warni wohing pamikir såhå pangraos mujudakên asiling budåyå jaman rumiyin. Danguning dangu naskah ugi wontên ingkang dipuncithak ngginakakên mesin ingkang salajêngipun dipunsêbut naskah cithak. Jumbuh kaliyan dudutan ing nginggil, ingkang dados objek wontên panaliten mênikå naskah Sêrat Wédyå Praståwå . Wondéné naskah kasêbut kalêbêt naskah cithak. Naskah Sêrat Wédyå Praståwå mênikå têtilaran saking tiyang jaman rumiyin, dumados saking rêrangkéning têtêmbungan ingkang ngêwrat manékå warni wohing pamikir såhå pangraos minångkå asiling budåyå jaman rumiyin. Asiling budåyå jaman rumiyin ingkang kawrat ing salêbêting naskah Sêrat Wédyå Praståwå inggih mênikå piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos. 14

b. Teks

Teks inggih mênikå isi utawi andharan ing salêbêting naskah , sipatipun abstrak namung sagêd dipunmangrêtosi sasampunipun dipunwaos Baroroh- Baried, 1985: 56. Jumbuh kaliyan Baroroh-Baried, Mulyani 2011: 61 ngandharakên bilih teks inggih mênikå isining naskah utawi mênåpå kémawon ingkang kawrat ing salêbêting naskah . Wondéné miturut Onions lumantar Darusuprapta, 1984: 1, teks inggih mênikå rêrangkéning têtêmbungan awujud waosan kanthi isi tartamtu. Isinipun teks awujud piwulang utawi amanat saking panganggit katujokakên dhatêng pamaos, déné wujuding teks inggih mênikå andharan ing salêbêting teks ingkang sagêd dipunwaos såhå dipunpahami Baroroh-Baried, 1985: 56. Saking andharan ing nginggil, sagêd dipunpêndhêt dudutanipun bilih teks inggih mênikå andharan ingkang dumados saking rêrangkéning têtêmbungan awujud waosan kanthi isi tartamtu såhå kawrat ing satunggaling naskah Jawi, dene wujudipun abstrak . Teks mênikå namung sagêd dipunmangrêtosi sasampunipun dipunwaos. Makatên ugi teks SWP dipunmangêrtosi ngêwrat kawruh anggayuh raosing gesang ingkang sajatos lantaran saking maos teks- ipun rumiyin. Ngèlmi ingkang ngrêmbag teks dipunsêbut tekstologi ingkang antawisipun naliti penjelmaan, têdhakan teks , penafsiran , såhå pemahaman satunggaling karyå sastrå Baroroh-Baried, 1985: 57. Salajêngipun, Baroroh-Baried 1994: 58 ugi ngandharakên bilih wontên proses penurunan teks. Saking proses penurunan teks, teks lajêng kapérang dados tigang warni, inggih mênikå 1 teks lésan