Jinising Panalitèn Sumbêr

36 dipun- terjemah -akên kanthi cårå harfiah såhå isi, milå têtêmbungan ing teks mênikå sagêd dipungantos ngginakakên båså sasaran kanthi bebas . Asiling terjemahan teks mênikå sagêd nggampilakên anggènipun damêl pirêmbagan ing bab sakawan. e. Pemaknaan Teks Kanggé mangrêtosi makna-nipun teks dipunlampahi kanthi pembacaan heuristik såhå hermeneutik . Kalih metode mênikå dipunginakakên kanggé memaknai teks SWP . Metode pembacaan heuristik mênikå pembacaan satunggaling karyå sastrå mawi sistem semiotik tingkat pertama ingkang awujud pamahaman makna jumbuh kaliyan konvensi basanipun. Pembacaan heuristik ngasilakên pamahaman têgês lumantar kamus Baoesastra kados terjemahan harfiah . Wondéné pembacaan hermeneutik inggih mênikå pembacaan satunggaling karyå sastrå kanthi dhasar konvensi sastrå. Pembacaan hermeneutik dipuntindakakên kangge mangrêtosi makna ingkang sinerat ing salêbêting naskah . Kanthi makatên, makna saking isining teks sagêd dipunpêndhêt såhå dipunginakakên déning pårå pamaosipun.

D. Pirantos kanggé Ngêmpalakên

Data Panalitèn Ing panalitèn mênikå, pirantos ingkang dipunginakakên kanggé ngêmpalakên data inggih mênikå kartu data . Kartu data mênikå pigunanipun kangge ngempalakên katrangan såhå informasi ingkang gayut kalihan naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå . Kajawi kanggé ng mpalakên data såhå informasi, data sagêd dipunpånthå-pånthå ngginakakên kartu data adhêdhasar kategori sabên data . 37 Lampahing panalitèn ingkang kêdah dipunsêrat ngginakakên kartu data inggih mênikå: 1 nyêrat asiling data inventarisasi naskah Sêrat Wédyå Praståwå , 2 nyêrat asiling deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå , 3 nyêrat asiling transliterasi teks såhå suntingan-ipun, såhå 4 nyêrat aparat kritik. Sakawan kartu data mênikå dipundamêl tabel kanthi tulådhå kados ing ngandhap mênikå. Tabel

3: Kartu Data kanggé Nyêrat Asiling Inventarisasi

Naskah Katalog ingkang dipunginakakên Irah-irahan naskah ingkang kapanggihakên Pelacakan ing papan panyimpening naskah katrangan Tabel

4: Kartu Data kanggé Nyêrat Asiling Deskripsi

Naskah såhå Teks No. Katrangan Asiling deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå 1. Papan panyimpêning naskah 2. Panyêratipun 3. Nomêr kodeks 4. Irah-irahan: a. Kaserat ing pundi kemawon, kåcå pintên b. Adhêdhasar katrangan saking teks utawi katalog c. Katrangan sêrataning irah-irahaning naskah 5. Manggalaandharan ing wiwitan botèn gayut kalihan isining teks : a. Wekdal anggenipun nyerat b. Asmanipun panganggit c. Ingkang nyebabakên teks dipunserat d. Ancasing nyerat teks e. Pangajab rikala nyerat teks f. Pepuji