Paédahing Panalitèn
11
Filologi
inggih mênikå ngèlmi ingkang dipunginakakên kanggé manggihakên
perkembangan kerohanian
satunggaling bångså utawi manggihakên kabudayanipun adhêdhasar båså såhå sastrå saking satunggaling bångså Sulastin-
Sutrisno, 1981: 7. Wondéné, miturut Baroroh-Baried 1985:1,
filologi
inggih mênikå satunggaling ngèlmi ingkang gayut kaliyan wohing kasusastran ingkang
magêpokan kaliyan bab båså, sastrå, såhå budåyå. Wontên ing
Webster’s New
Collegiate Dictionary
1997: 861 têgêsipun têmbung
philology
, inggih mênikå ngèlmi båså såhå
studi
dhatêng kabudayaning bångså ingkang kawrat ing båså, sastrå, såhå budåyå satunggaling bångså.
Wondéné adhêdhasar
Groot Woordenboek der Nederlandse Taal
lumantar Sulastin-Sutrisno, 1988: 8,
filologi
inggih mênikå ngèlmi ingkang ngrêmbag bab båså såhå sastrå satunggaling bångså. Salajêngipun, Baroroh-Baried 1994:2
ngandharakên bilih
filologi
inggih mênikå satunggaling ngèlmi ingkang magêpokan kaliyan
studi
bab asiling budåyå jaman rumiyin. Kanggé nggampilakên anggènipun mangrêtosi pangrêtosan
filologi
kadamêl
bagan
kados ing ngandhap mênikå.
Bagan
1: Pangrêtosaning
filologi Bagan
1 ing nginggil ngêwrat pangrêtosaning filologi kanthi ringkês. Filologi inggih mênikå ngèlmi ingkang ngrêmbag bab båså, sastrå, såhå budåyå
satunggaling bångså minångkå asiling budåyå pagêsangan masarakat jaman rumiyin ingkang kawrat ing salêbêting
naskah
.
Filologi
Ngèlmu Båså
Sastrå Budåyå
Asiling budåyå ingkang sinêrat
wontên salêbêting naskah.
12
2.
Objek
Panalitèn
F ilologi
Sabên ngèlmi mênikå wontên
objek
panalitènipun. Makatên ugi ngèlmi
filologi
.
Objek
panalitèn
filologi
inggih mênikå
naskah
såhå
teks
. Kanggé nggampilakên anggènipun mangrêtosi bab
objek
panalitèn
filologi
milå kadamêl bagan kados ing ngandhap mênikå.
Bagan
2:
Objek
Panalitèn
filologi Bagan
2 ing nginggil ngêwrat
objek
panalitèn
filologi
kanthi ringkês.
Objek
panalitèn
filologi
awujud
naskah
såhå
teks
pangrêtosanipun kapratélakakên kados ing ngandhap mênikå.