Mistik Kajawèn GÊGARAN

31 Bédanipun Tinjauan Filologi dan Analisis Ajaran Martabat Tujuh dalam Serat Cecangkriman karya R. Ranggawarsita kaliyan Kajian Filologi såhå Analisis Kawruh Anggayuh Raosing Gêsang ingkang Sajatos wontên Sêrat Wédyå Praståwå wontên ing objek panalitènipun. Objek panalitènipun Wulan Ambarwati mênikå ajinis wirid, déné objek panalitèn mênikå awujud piwulang. Fokus panalitènipun Wulan Ambarwati inggih mênikå ajaran martabat tujuh, déné fokus panalitèn mênikå ngrembag kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos. Panalitèn ingkang dipuntindakakên déning Wulan Ambarwati sagêd dipundadosakên acuan ing pérangan metode panalitèn filologi , inggih mênikå 1 inventarisasi naskah , 2 deskripsi naskah utawi teks , 3 transliterasi teks standar , 4 suntingan teks standar , 5 terjemahan harfiah, makna, bebas teks . Sinaoså panalit ѐn mênikå wontên bédanipun kaliyan panalitѐnipun Dewi Istikomah 2012 såhå Wulan Ambarwati 2013 kasêbut, nanging kalih panalit ѐn mênikå sagêd dipundadosakên pathokan såhå cårå panalitѐnipun sagêd dipunginakakên wontên panalitѐn mênikå. Pramilå, bab ingkang jumbuh antawisipun kalih panalitѐn kasêbut nyêngkuyung panalitѐn mênikå saking segi teori såhå cårå panalitѐnipun. 32

BAB III CARANING PANALITÈN

A. Jinising Panalitèn

Panalitèn mênikå ngginakakên jinising panalitèn metode filologi modern kanthi pendekatan metode panalitèn deskriptif . Pramilå, metode panalitèn mênikå ugi dipunsêbut metode panalitèn deskriptif filologis modern. Metode deskriptif inggih mênikå satunggaling cårå kanggé naliti satunggaling objek kanthi ancas ndamêl andharan, gêgambaran kanthi objektif såhå sistematis, ingkang gayut kaliyan fakta såhå gêgayutanipun antawisipun unsur-unsur -ipun Kaelan, 2005:58. Panalitèn mênikå ngginakakên metode deskriptif ingkang ancasipun kanggé mengkaji såhångandharakên isining teks Sêrat Wédyå Praståwå kanthi objektif ingkang ngêwrat kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos. Wondéné m etode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé naliti naskah kanthi irah-irahan Sêrat Wédyå Praståwå , kanthi nomêr koleksi BB. 1. 134, ingkang awujud naskah cithak. Panalitèn mênikå katindakakên kanthi lampahing panalitèn filologi inggih mênikå inventarisasi naskah , deskripsi naskah såhå teks , alih tulis teks kanthi cårå transliterasi metode standar , såhå suntingan edisi standar kanthi damêl aparat kritik , damêl parafrase teks, såhå ndamêl terjemahan teks .

B. Sumbêr

Data Panalitèn Sumber data ing panalitèn mênikå awujud naskah kanthi irah-irahan Sêrat Wédyå Praståwå . Naskah mênikå kalêbêt ing naskah koleksi Perpustakaan 33 Tamansiswa Museum Dewantara Kirti Griya Yogyakarta kasêrat mawi aksårå Jawa cihak. Naskah Sêrat Wédyå Praståwå mênikå dipunsêrat ngginakakên båså Jawi gagrag anyar såhå kalêbêt naskah jinis piwulang. Teks wontên ing Sêrat Wédyå Praståwå mênikå dhapukanipun sekar macapat. Teks Sêrat Wédyå Praståwå mênikå wontên gangsal-wêlas kåcå. Adhêdhasar kåcå samak dalam naskah , isining teks inggih mênikå ngêwrat kawruh wêwatonipun anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos kedahipun paham paprincèning tri sabåwå. Naskah Sêrat Wédyå Praståwå dipunsêkarakên déning R. Jaya Suharta, atêgês bilih naté wontên dhapukan gancaranipun. Ananging rikala inventarisasi naskah , botèn kapanggihakên naskah Sêrat Wédyå Praståwå ingkang dhapukan gancaranipun. Naskah Sêrat Wédyå Praståwå kacithak såhå kawêdalakên ing kantor pangêcapan N.V Mardi Mulya Yogyakarta.

C. Cårå Ngêmpalakên

Data Panalitèn Caranipun ngempalaken data wontèn ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi . Lampahing panalitèn mênikå katindakakên makatên 1 inventarisasi naskah , 2 deskripsi naskah såhå teks , 3 alih tulis teks kanthi cårå transliterasi metode standar , såhå suntingan edisi standar kanthi damêl aparat kritik , 4 ndamêl terjemahan teks , såhå 5 pemaknaan teks . Lampahing panalitèn filologi ingkang dipunginakakên kaandharakên kados ing ngandhap mênikå. a. Inventarisasi Naskah Inventarisasi naskah inggih mênikå ngêmpalakên data utawi katrangan bab kawontênaning naskah ingkang sajinis. Inventarisasi naskah dipunlampahi 34 kanthi studi katalog såhå ningali piyambak kawontênanipun naskah . Studi katalog dipunlampahi kanthi madosi katranganipun naskah adhêdhasar katalog . Saking asiling studi katalog såhå ningali piyambak ing papan panyimpêning naskah , kapanggihakên kalih eksemplar naskah SWP. Naskah ingkang sapisanan kasimpên ing Perpustakaan Museum Radyapustaka déné naskah ingkang kaping kalih kasimpên ing Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya. Naskah ingkang dipunginakakên minångkå sumber data panalitèn mênikå inggih Sêrat Wédyå Praståwå ingkang kasimpên ing Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya Yogyakarta kanthi nomêr BB. 1. 134. Naskah kasêbut kalêbêt naskah cithak. b. Deskripsi Naskah såhå Teks Deskripsi naskah inggih mênikå ngandharakên katrangan minångkå gêgambaran kawontênaning naskah såhå teks ingkang badhé dipuntliti, inggih mênikå teks Sêrat Wédyå Praståwå . Naksah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå dipunandharakên mawi tabel , lajêng dipunandharakên malih ngginakakên uraian utawi paparan. Ingkang kawrat ing deskripsi naskah ing antawisipun inggih mênikå papan panyimpêning naskah , irah-irahanipun naskah , panganggitipun, jinis bahan naskah, lsp.

c. Alih Tulis

Teks Alih tulis teks ing panalitèn mênikå ngginakakên transliterasi teks såhå suntingan teks kanthi ndamêl aparat kritik . Teks Sêrat Wédyå Praståwå dipundamêl transliterasi -nipun mawi metode transliterasi standar . Transliterasi standar inggih mênikå nggantos sêrataning teks Sêrat Wédyå Praståwå ngginakakên aksara Latin såhå kajumbuhakên kaliyan EYD ingkang lumampah.