34 kanthi
studi katalog
såhå ningali piyambak kawontênanipun
naskah
.
Studi katalog
dipunlampahi kanthi madosi katranganipun
naskah
adhêdhasar
katalog
. Saking asiling
studi katalog
såhå ningali piyambak ing papan panyimpêning
naskah
, kapanggihakên kalih
eksemplar naskah SWP. Naskah
ingkang sapisanan kasimpên ing Perpustakaan Museum Radyapustaka déné
naskah
ingkang kaping kalih kasimpên ing Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya.
Naskah
ingkang dipunginakakên minångkå
sumber data
panalitèn mênikå inggih
Sêrat Wédyå Praståwå
ingkang kasimpên ing Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya Yogyakarta kanthi nomêr BB. 1. 134.
Naskah
kasêbut kalêbêt
naskah
cithak.
b.
Deskripsi Naskah
såhå
Teks
Deskripsi naskah
inggih mênikå ngandharakên katrangan minångkå
gêgambaran kawontênaning
naskah
såhå
teks
ingkang badhé dipuntliti, inggih mênikå
teks Sêrat Wédyå Praståwå
. Naksah såhå
teks Sêrat Wédyå Praståwå
dipunandharakên mawi
tabel
, lajêng dipunandharakên malih ngginakakên
uraian
utawi
paparan.
Ingkang kawrat ing
deskripsi naskah
ing antawisipun inggih mênikå papan panyimpêning
naskah
, irah-irahanipun
naskah
, panganggitipun, jinis bahan
naskah,
lsp.
c. Alih Tulis
Teks
Alih tulis
teks
ing panalitèn mênikå ngginakakên
transliterasi teks
såhå
suntingan teks
kanthi ndamêl
aparat kritik
.
Teks Sêrat Wédyå Praståwå
dipundamêl
transliterasi
-nipun mawi
metode transliterasi standar
.
Transliterasi standar
inggih mênikå nggantos sêrataning
teks Sêrat Wédyå Praståwå
ngginakakên aksara Latin såhå kajumbuhakên kaliyan EYD ingkang lumampah.
35 Salajêngipun, supados
teks Sêrat Wédyå Praståwå
ingkang sampun dipun-
transliterasi
mênikå rêsik saking
korup
milå dipunsampurnakakên kanthi ndamêl
suntingan teks
. Ing panalitèn mênikå
suntingan teks
ingkang dipunginakakên inggih mênikå suntingan
teks edisi standar
.
Suntingan teks
edisi standar
dipundamêl kanggé ngandharakên
teks
ingkang resik saking sêratan ingkang lêpat såhå
ketidakajegan ejaan
satêmah
teks Sêrat Wédyå Praståwå
gampil dipunwaos.
Suntingan teks
dipundamêl kanthi ngleresakên kalêpatan ingkang alit såhå
ketidakajegan
waosan ing
teks Sêrat Wédyå Praståwå
kajumbuhakên kalihan EYD ingkang lumampah. Gêgaran kanggé damêl
suntingan
inggih mênikå
Baoesastra Djawa
1939 såhå
ejaan
basa Jawi ingkang dipun-anggé.
Koreksi
ing suntingan
teks
sagêd awujud tambahan, ngirangi, utawi nggantos aksårå, wanda, utawi têmbung saking
teks Sêrat Wédyå Praståwå
. Lajêng asiling
koreksi
kasêrat såhå kaandharakên ing
aparat kritik.
d.
Terjemahan Teks
Ing panalitèn mênikå
terjemahan teks
dipundamêl kanthi nggatosakên
konteks
-ipun, ngginakakên
metode terjemahan harfiah
,
metode terjemahan isi
, såhå
metode terjemahan bebas
. Tigang
metode
dipunginakakên kanthi adhedhasar EYD, Baoesastra Poerwadarminta, 1939, såhåkon
teks
tual jumbuh kaliyan teges såhåmaknaning
teks
.
Terjemahan teks Sêrat Wédyå Praståwå
dipunwiwiti kanthi alih basa sabên têtêmbunganipun ingkang cêlak kaliyan maksudipun. Mênawi
terjemahan teks
Sêrat Wédyå Praståwå
mênikå botên sagêd kadamêl kanthi
metode terjemahan harfiah
, lajêng têtêmbungan ing
teks Sêrat Wédyå Praståwå
sagêd dipun-
terjemah
-akên ngginakakên
metode terjemahan isi
utawi
makna
. Salajêngipun menawi têtêmbungan ing
teks Sêrat Wédyå Praståwå
botên sagêd
36 dipun-
terjemah
-akên kanthi cårå
harfiah
såhå
isi,
milå têtêmbungan ing
teks
mênikå sagêd dipungantos ngginakakên båså
sasaran
kanthi
bebas
. Asiling
terjemahan teks
mênikå sagêd nggampilakên anggènipun damêl pirêmbagan ing bab sakawan.
e.
Pemaknaan Teks
Kanggé mangrêtosi makna-nipun
teks
dipunlampahi kanthi
pembacaan heuristik
såhå
hermeneutik
. Kalih
metode
mênikå dipunginakakên kanggé
memaknai teks SWP
.
Metode pembacaan heuristik
mênikå
pembacaan
satunggaling karyå sastrå mawi
sistem semiotik tingkat pertama
ingkang awujud pamahaman
makna
jumbuh kaliyan
konvensi
basanipun.
Pembacaan heuristik
ngasilakên pamahaman têgês lumantar kamus Baoesastra kados
terjemahan harfiah
. Wondéné
pembacaan hermeneutik
inggih mênikå
pembacaan
satunggaling karyå sastrå kanthi dhasar
konvensi
sastrå.
Pembacaan hermeneutik
dipuntindakakên kangge mangrêtosi makna ingkang sinerat ing salêbêting
naskah
. Kanthi makatên,
makna
saking isining
teks
sagêd dipunpêndhêt såhå dipunginakakên déning pårå pamaosipun.
D. Pirantos kanggé Ngêmpalakên
Data
Panalitèn
Ing panalitèn mênikå, pirantos ingkang dipunginakakên kanggé ngêmpalakên
data
inggih mênikå
kartu data
.
Kartu data
mênikå pigunanipun kangge ngempalakên katrangan såhå
informasi
ingkang gayut kalihan
naskah
såhå
teks Sêrat Wédyå Praståwå
. Kajawi kanggé ng mpalakên
data
såhå
informasi, data
sagêd dipunpånthå-pånthå ngginakakên
kartu data
adhêdhasar
kategori
sabên
data
.