Undêraning Prakawis Watêsaning Prakawis

10

BAB II GÊGARAN

TEORI Panalitèn kanthi irah-irahan kajian filologi såhå analisis kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên Sêrat Wédyå Praståwå mênikå ngginakakên gêgaran teori ingkang gayut kaliyan ngèlmi filologi , sêkar måcåpat, såhå mistik kajawèn. Wondéné teori - teori ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênikå kaandharakên kados ing ngandhap mênikå.

A. Kajian Filologi

Panalitèn mênikå mbêtahakên kajian teori filologi kanggé mbêdhah naskah såhå isining teks SWP . Wondéné teori ingkang gayut kaliyan panalitèn filologi , inggih mênikå 1 pangrêtosan filologi , 2 objek panalitènipun filologi , 3 ancasing panalitèn filologi , såhå 4 lampahing panalitèn filologi . Teori bab filologi kaandharakên kados ing ngandhap mênikå.

1. Pangrêtosan

F ilologi Filologi minångkå satunggaling ngèlmi ingkang dipunginakakên kanggé naliti naskah-naskah kinå Djamaris 2002: 3. Têmbung filologi asalipun saking båså Yunani philologia , inggih mênikå dumados saking kalih têmbung philos ingkang têgê sipun „rêmên’ såhå log os ingkang têgêsipun „têmbung’. Dados, têgêsipun têmbung filologi inggih mênikå „rêmên dhatêng têtêmbungan’ utawi „rêmên micårå’ Shipley lumantar Baroroh-Baried, 1985: 1. Salajêngipun, têgêsing filologi botên winatês ing têtêmbungan kémawon nanging ugi „rêmên sinau’, „rêmên ngèlmi’, såhå „rêmên kasusastran’ utawi „rêmên kabudayan’. 11 Filologi inggih mênikå ngèlmi ingkang dipunginakakên kanggé manggihakên perkembangan kerohanian satunggaling bångså utawi manggihakên kabudayanipun adhêdhasar båså såhå sastrå saking satunggaling bångså Sulastin- Sutrisno, 1981: 7. Wondéné, miturut Baroroh-Baried 1985:1, filologi inggih mênikå satunggaling ngèlmi ingkang gayut kaliyan wohing kasusastran ingkang magêpokan kaliyan bab båså, sastrå, såhå budåyå. Wontên ing Webster’s New Collegiate Dictionary 1997: 861 têgêsipun têmbung philology , inggih mênikå ngèlmi båså såhå studi dhatêng kabudayaning bångså ingkang kawrat ing båså, sastrå, såhå budåyå satunggaling bångså. Wondéné adhêdhasar Groot Woordenboek der Nederlandse Taal lumantar Sulastin-Sutrisno, 1988: 8, filologi inggih mênikå ngèlmi ingkang ngrêmbag bab båså såhå sastrå satunggaling bångså. Salajêngipun, Baroroh-Baried 1994:2 ngandharakên bilih filologi inggih mênikå satunggaling ngèlmi ingkang magêpokan kaliyan studi bab asiling budåyå jaman rumiyin. Kanggé nggampilakên anggènipun mangrêtosi pangrêtosan filologi kadamêl bagan kados ing ngandhap mênikå. Bagan 1: Pangrêtosaning filologi Bagan 1 ing nginggil ngêwrat pangrêtosaning filologi kanthi ringkês. Filologi inggih mênikå ngèlmi ingkang ngrêmbag bab båså, sastrå, såhå budåyå satunggaling bångså minångkå asiling budåyå pagêsangan masarakat jaman rumiyin ingkang kawrat ing salêbêting naskah . Filologi Ngèlmu Båså Sastrå Budåyå Asiling budåyå ingkang sinêrat wontên salêbêting naskah.