Dhasaring Panalitèn PURWÅKÅ

5 mênikå inggih Sêrat Wédyå Praståwå ingkang kasimpên ing Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya Yogyakarta kanthi nomêr BB. 1. 134. Naskah kasêbut kalêbêt naskah cithak. Adhêdhasar katrangan wontên Buku Daftar Naskah Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya 2012: 17 naskah Sêrat Wédyå Praståwå namung ngêwrat satunggal teks kemawon. Pramilå, fokus panalitèn mênikå namung satunggal teks inggih mênikå teks Sêrat Wédyå Praståwå. Sêrat Wédyå Praståwå katêmtokakên dados sumber data panalitèn adhêdhasar tigang pawadan, kados ingkang kapratèlakakên ing ngandhap mênikå. 1. Naskah kasêbut ngginakakên aksårå carakan cithak såhå båså Jåwi gagrag anyar ingkang taksih sagêd dipunmangrêtosi, saénggå langkung gampil anggènipun damêl analisis isinipun. 2. Ngéngingi naskah mênikå isinipun piwulang, inggih mênikå bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos. Prakawis mênikå wigatos amargi sagêd dados sêsêrêpan tumrap masarakat ing jaman samênikå ingkang sawêg kénging degradasi moral . 3. Ngéngingi bab umur naskah inggih mênikå 89 taun, kasêrat wontên pérangan kolofon naskah . Ing pérangan kåcå wontên ingkang bolong dipunpangan rêngêt, saéngga prêlu dipunrimat. Salah satunggaling cårå kanggé ngrimat naskah inggih mênikå kanthi dipuntliti. Salah satunggaling panalitèn ingkang saged dipunginakakên kanggé nliti naskah inggih mênikå kanthi cårå panalitèn filologi. 6 Awit saking mênikå, adhêdhasar katrangan-katrangan ing nginggil isining Sêrat Wédyå Praståwå prêlu dipuntliti amargi sagêd kajumbuhakên kaliyan kawontênan gêsang ing samadyaning masarakat. Sasanѐsipun mênikå, isinipun Sêrat Wédyå Praståwå sagêd dipuncakakên ing pagêsangan samênikå.

B. Undêraning Prakawis

Adhêdhasar andharan ing dhasaring panalitèn ing nginggil, nuwuhakên prakawis-prakawis ingkang badhé kaandharakên. Prakawis-prakawis kasêbut kaandharakên kados ing ngandhap mênikå. 1. Inventarisasi naskah Sêrat Wédyå Praståwå. 2. Deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå. 3. Alih tulis teks Sêrat Wédyå Praståwå. 4. Parafrase teks Sêrat Wédyå Praståwå. 5. Terjemahan teks Sêrat Wédyå Praståwå. 6. Piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên salêbêting teks Sêrat Wédyå Praståwå.

C. Watêsaning Prakawis

Adhêdhasar undêraning prakawis ingkang taksih wiyar, milå prakawis wontên ing panalitèn mênikå dipunwatêsi. Wondéné watêsaning prakawis dipunandharakên kados ing ngandhap mênikå. 1. Deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå. 2. Alih tulis teks Sêrat Wédyå Praståwå. 3. Terjemahan teks Sêrat Wédyå Praståwå. 7 4. Ngandharakên piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên teks Sêrat Wédyå Praståwå.

D. Wosing Panalitèn

Wosing Panalitèn mênikå adhêdhasar andharan ing undêraning prêkawis såha watêsaning prêkawis. Wosing panalitèn kaandharakên kados ing ngandhap mênikå. 1. Kadospundi deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå ? 2. Kadospundi alih tulis teks Sêrat Wédyå Praståwå ? 3. Kadospundi terjemahan teks Sêrat Wédyå Praståwå ? 4. Kadospundi piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên teks Sêrat Wédyå Praståwå ?

E. Ancasing Panalitèn

Saking andharan wosing panalitèn sagêd dipunpêndhêt ancasing panalitèn. Wondéné ancasing panalitèn kaandharakên kados ing ngandhap mênikå. 1. Ngandharakên deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå. 2. Ndamêl alih tulis teks Sêrat Wédyå Praståwå. 3. Ndamêl terjemahan teks Sêrat Wédyå Praståwå. 4. Ngandharakên piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên teks Sêrat Wédyå Praståwå .

F. Paédahing Panalitèn

Sabên panalitèn kaajab sagêd dados kawruh tumrap pårå pamaos. Kanthi panalitèn mênikå dipunajab andharan wontên teks Sêrat Wédyå Praståwå sagêdå 8 mumpangati mênggahing bêbrayan. Paédahing panalitèn kaandharakên kados ing ngandhap mênikå. 1 Panalitèn mênikå kaangkah sagêdå dados salah satunggaling tulådhå lampahing panalitèn ingkang ngêcakakên teori såhå metode panalitèn filologi tumrap naskah Sêrat Wédyå Praståwå. 2 Asiling transliterasi , suntingan , såhå terjemahan teks sagêd nggampilakên pamaos anggènipun maos teks Sêrat Wédyå Praståwå ingkang salajêngipun sagêd dipunpêndhêt piwulangipun. 3 Asiling pirêmbagan bab isining teks sagêd nambahi sêsêrêpan piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos têmahan sagêd kaginakakên kanggé nambahi wêwaton gêsanging masarakat.

G. Pangrêtosan ingkang Gayut kaliyan Irah-irahan

1 Kajian inggih mênikå madosi, nlisik, naliti, utawi nguji satunggaling prakawis. Kajian limrah dipunginakaken ing karya-karya ilmiah. Wondéné filologi inggih mênikå ngèlmi ingkang gêgayutan kaliyan studi bab båså, sastrå, såhå budåyå ingkang magêpokan kaliyan asiling budåyå masarakat jaman rumiyin. Dados kajian filologi inggih mênikå naliti kanthi caraning panalitèn filologi inggih mênikå ngèlmi ingkang gêgayutan kaliyan studi bab båså, sastrå, såhå budåyå ingkang magêpokan kaliyan asiling budåyå masarakat jaman rumiyin. 2 Analisis kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos inggih mênikå andharan ingkang kawrat ing salêbêting teks Sêrat Wédyå Praståwå . Raosing gesang ingkang sajatos ugi sagêd dipunsêbut sampurnaning agêsang 9 minångkå salah satunggaling asil kabudayan Jawi inggih mênikå mistik kajawèn. 3 Sêrat Wédyå Praståwå, inggih mênikå satunggaling naskah kinå ingkang kasimpên ing Perpustakaan Taman Siswa Museum Dewantara Kirti Griya Yogyakarta kanthi nomêr koleksi BB. 1. 134. Naskah mênikå awujud naskah cithak déné teks -ipun dipunwahyakakên mawi dhapukan sêkar. 10

BAB II GÊGARAN

TEORI Panalitèn kanthi irah-irahan kajian filologi såhå analisis kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên Sêrat Wédyå Praståwå mênikå ngginakakên gêgaran teori ingkang gayut kaliyan ngèlmi filologi , sêkar måcåpat, såhå mistik kajawèn. Wondéné teori - teori ingkang dipunginakakên ing panalitèn mênikå kaandharakên kados ing ngandhap mênikå.

A. Kajian Filologi

Panalitèn mênikå mbêtahakên kajian teori filologi kanggé mbêdhah naskah såhå isining teks SWP . Wondéné teori ingkang gayut kaliyan panalitèn filologi , inggih mênikå 1 pangrêtosan filologi , 2 objek panalitènipun filologi , 3 ancasing panalitèn filologi , såhå 4 lampahing panalitèn filologi . Teori bab filologi kaandharakên kados ing ngandhap mênikå.

1. Pangrêtosan

F ilologi Filologi minångkå satunggaling ngèlmi ingkang dipunginakakên kanggé naliti naskah-naskah kinå Djamaris 2002: 3. Têmbung filologi asalipun saking båså Yunani philologia , inggih mênikå dumados saking kalih têmbung philos ingkang têgê sipun „rêmên’ såhå log os ingkang têgêsipun „têmbung’. Dados, têgêsipun têmbung filologi inggih mênikå „rêmên dhatêng têtêmbungan’ utawi „rêmên micårå’ Shipley lumantar Baroroh-Baried, 1985: 1. Salajêngipun, têgêsing filologi botên winatês ing têtêmbungan kémawon nanging ugi „rêmên sinau’, „rêmên ngèlmi’, såhå „rêmên kasusastran’ utawi „rêmên kabudayan’.