Metode Panaliten CARA PANALITEN

18 Observasi berpartisipasi inggih menika panaliti ngawontenaken pengamatan langsung ngengingi lampahing tari angguk ing Dhusun Kemiri Desa Purwobinangun Kecamatan Pakem Kabupaten Sleman. Observasi katindakaken inggih menika panaliti ningali langsung saha nyathet sedaya perkawis ingkang gayut kaliyan lampahing tari angguk. Cara menika gadhah ancas supados panaliti pikantuk data ingkang kapendhet langsung saking papan lumampahing tari angguk. Kasiling pengamatan kalawau dipundadosaken dhasar anggenipun wawancara saha observasi salajengipun. Sasampunipun panaliti nindakaken observasi, panaliti sampun angsal saperangan bab ingkang samangke dipundadosaken kangge pedoman pirembagan salajengipun supados data ingkang kapundhut saged jumbuh kalihan menapa ingkang dipunkajengaken dening panaliti saha asiling data-data ingkang kapundhut saged jangkep. Saengga panaliten menika saged kasebat kanthi pirembagan mendalam. Pirembagan mendalam utawi wawancara mendalam inggih menika pirembagan antawisipun panaliti saha informan kangge tukar informasi saha ide mawi pitakenan saha wangsulan, satemah saged dipunmangertosi makna satunggaling topik ingkang sampun katemtokaken. Dokumentasi dipunginakaken kangge njangkepi data-data ingkang sampun kapundhut saking asiling pirembagan kanthi mendalam. Dokumentasi ing panaliten menika awujud seratan-seratan, rekaman, saha foto-foto babagan ritual ing salebeting tari angguk Dhusun Kemiri Desa Purwobinangun ingkang samangke dipunjumbuhaken kalihan data ingkang sampun kaserat kalihan katrangan saking informan. 19

E. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih menika panaliti piyambak amargi panaliti minangka perencana, ingkang ngleksanakaken, ngempalaken data, nganalisis, saha ingkang damel panaliten menika. Wonten ing Sugiyono 2010: 306 panaliti minangka human instrument gadhah paedah nemtokaken fokus penelitian, nemtokaken informan minangka sumber data, ngempalaken data, menilai kualitas data, nganalisis data, menafsirkan data, saha damel dudutan saking data ingkang sampun kapundhut. Miturut pamanggihipun Endrasawara 2006: 133 human instrument ndadosaken panaliti kangge memodifikasi pitakenan ingkang dipunjumbuhaken kalihan kondisi informan. Inggih menika wawanrembag adhedhasar kaliyan pitakenan ingkang sampun dipunsamektakaken ananging taksih saged dipunwiyaraken gumantung kaliyan kabetahan. Piranti ingkang dipunginakaken dening panaliti kangge nggampilaken anggenipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken buku cathetan, pedoman wawancara, tape recorder ingkang dipunginakaken kangge pirembagan dhateng informan, saha piranti-piranti sanesipun inggih menika camera digital, saha handycam.

F. Cara Nganalisis Data

Wonten ing panaliten menika, caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika analisis induktif. Miturut Endraswar 2006: 175 ancasipun analisis data induktif menika supados informasi ingkang sampun dipunpendhet menika cetha. Ngginakaken analisis induktif menika dados analisi