Teknik Ngesahaken Data CARA PANALITEN

23 Gambar 1: Tlatah Administratif Desa Purwobinangun Sumber: Monografi Desa Purwobinangun Taun 2010 24 Panaliten menika boten sedaya katindakaken wonten ing dhukuh-dhukuh kalawau, ananging namung katindakaken ing Dhusun Kemiri ingkang dipundadosaken sampel. Tlatah Dhusun Kemiri saged dipuntingali wonten ing gambar 1. Akses kendharaan ingkang saged dipunginakaken inggih menika bis kanthi tujuan Jogja-Kaliurang saha angkutan Desa kode 30 utawi asring dipunsebat kol thuyul kode 30. Kajawi menika saged ugi ngginakaken kendharaan pribadhi kadosta pit motor utawi mobil. Dhenah tumuju papan kangge mirsani tari angguk saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Gambar 2 : Dhenah papan panaliten ritual ing salebeting tari angguk dok.Ima Andharan babagan papan panaliten wonten ing nginggil gadhah ancas supados tiyang saged mangertos langkung jangkep dunungipun Desa 25 Purwobinangun mawi peta. Peta kalawau nedahaken papan ingkang dipunginakaken kangge pementasan tari angguk. Kejawi menika tiyang badhe mirsani saged mangertos akses kendharaan ingkang saged dipunginakaken tumuju papan pementasan tari angguk.

a. Kependhudhukan

Kanthi adhedhasar data Monografi Desa Purwobinangun taun 2010 saged dipunmangertosi cacahipun pendhudhuk Desa Purwobinangun wonten 8.940 tiyang. Ing ngandhap menika kaandharaken tabel komposisi pendhudhuk miturut jinising kelamin. No Jinising Kelamin Cacahipun 1. Cacahing laki- laki 4.377 tiyang 2. Cacahing perempuan 4.563 tiyang Cacahing Sedaya 8.940 tiyang Tabel 1 : Komposisi Pendhudhuk Miturut Jenis Kelamin Sumber: Monografi Desa Purwobinangun 2010 b. Sistem Religi Adhedhasar dhata Monografi Desa Purwobinangun taun 2010 saged dipunmangertosi bilih pendhudhuk Desa Purwobinangun gadhah kapitadosan ingkang maneka werni. Cacahipun tiyang-tiyang ingkang ngrasuk agami saged katingal ing tabel ngandhap menika No Jinising Agami Cacahipun 1. Islam 7.084 tiyang 2. Kristen 140 tiyang 3. Katholik 1.715 tiyang 4. Konghucu 1 tiyang Cacahipun Sedaya 8940 tiyang Tabel 2 : Komposisi Pemeluk Agama Sumber: Monografi Desa Purwobinangun 2010