Pala Gumantung saha Pala kependhem

69 saking tembung lathi ingkang tegesipun sedaya ingkang dipunandharaken kedah dipunjagi saha tansah ngatos-atos. Sekar kanthi saking tembung kumathil kanthil ingkang tegesipun ngraketaken pasederekan supados sedaya saged rukun. Lajeng kenanga kumanthil ing ngati. Menika arahipun dhateng pangandikanipun ingkang ngantos-atos, dados menawi ngendika kedah ingkang sae.

5. Kinang

Kinang menika minangka pralambang sesembahan kita dhumateng para leluhur supados pikantuk berkah pangestunipun. Awit para leluhur menika remen nginang, Pramila kinang minangka sesembahanipun. Adhedhasar menika jumbuh kaliyan Pratelanipun informan 01 “Kinang itu merupakan sesembahan kepada leluhur, untuk mendapatkan restu. Karena jaman dahulu, nenek moyang atau simbah-simbah suka nginang.” CLW 01 “ Kinang minangka sesembahan dhateng leluhur, supados pikantuk berkah pangestu. Jaman rumiyin, para leluhur menika remen nginang.” CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening Pratelanipun informan 02 “Kinang mralambangaken sesembahan dhateng tiyang sepuh, awit simbah kala rumiyin seneng nginang. CLW 02 Kinang menika salah satunggaling sajen ingkang kalebet wonten ing ritual ing salebeting tari angguk. Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet, saha sata. Kinang menika minangka lambang sesembahan dhateng tiyang sepuh utawi leluhur, supados pikantuk berkah. 70

6. Klapa saha Gendis Jawi

Klapa saha Gendhis Jawi menika minangka mralambangaken piweling, falsafah saking leluhur, bilih simbol negara Indonesia inggih menika merah putih. Andharan menika jumbuh kaliyan informan 01 “...klapa dan gula merah artinya sesuai dengan tilaran, weling, falsafah dari nenek moyang bahwa negara kita itu dibawah naungan panji sang dewana yaitu bendera gula klapa. ”CLW 01 “... klapa saha gendis abrit menika trep kaliyan tilaran, piweling, falsafah saking leluhur bilih negara kita menika ing sanggadhipaning panji sang dewana inggih bendera gula klapa.”CLW 01 Adhedhasar kasebat dipunsengkuyung dening Pratelanipun informan 02 “Klapa saha gendis jawi menika minangka semboyan, kita menika gesang wonten ing Indonesia menika wonten ing ngandhapin gendera merah putih inggih menika simbol gendera gula klapa.” CLW 02 Adhedhasar andharan wonten ing nginggil menika saged dipunpundhut dudutanipun bilih gendhis jawi saha klapa menika minangka simbol utawi mralambangaken gendera negara Indonesia, inggih menika gendera Merah Putih.

7. Jajan pasar

Jajan pasar menika kalebet sajen wonten ing salebeting ritual. Jinisipun jajan pasar inggih menika maneka werni. Jajan pasar menika gadhah teges utawi mralambangaken bilih pepinginanipun masarakat menika maneka werni aliran, saha adatipun. Andharan menika jumbuh kaliyan informan 01 “Jajan pasar itu melambangkan adanya banyak keinginan warga masarakat dari berbagai pikiran, dari berbagai aliran, dari berbagai itu smuanya, terangkum semuanya itu punya niat tidak membeda-bedakan termasuk adat. ”CLW 01 “Jajan pasar menika mralambangaken wontening pepinginan warga msarakat saking maneka warna pamikiran, aliran, lan sedayanipun gadhah niat woten mbeda- bedakaken kalebet adat.” CLW 01