Paedah Spiritual saha Syiar Agama Paedah Sosial

78 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08 “Nggih sepisan kangge nguri-uri kabudayan Jawi mbak, kula menika re men kaliyan kesenian. Kaping kalihe para warga nggih ibu-ibu sami masak sareng- sareng, guyup rukun mbak. ” CLW 08 Kanthi ngawontenipun rerangken sajen Ritual ing salebeting tari angguk miangka salah satunggalipun upiya kangge nguri- uri kabudayan Jawi saha nglestantunaken budaya supados boten punah saha boten kagingsir jaman samenika. 79

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten ingkang sampun katindakaken ngengingi perkawis Ritual ing Salebeting Tari Angguk wonten ing Dhusun Kemiri Desa Purwobinangun Kecamatan Pakem Kabupaten Sleman, pramila saged dipunpundhut dudutan kados ing ngandhap menika. 1. Tari angguk katindakaken ing Dhusun Kemiri Desa Purwobinangun Kecamatan Pakem Kabupaten Sleman. Ritual menika katindakaken rutin dening warga masarakat panyengkuyung saben wonten tari angguk. 2. Mula bukanipun ritual ing salebeting tari angguk menika saking para leluhuripun. Ritual menika katindakaken kanthi turun temurun. Dados wonten ing generasi samenika namung minangka naluri kangge nerasaken ritual tiyang sepuhipun. 3. Prosesi ritual ing salebeting tari angguk kaperang dados mapinten-pinten tahapan kagiyatan. Prosesi saderengipun tari angguk langkung rumiyin 1 kempalan paguyuban, 2 latihan, 3 cecawis piranti, 4 cecawis sesaji, 5 lampahing tari angguk, 6 evaluasi. 4. Makna simbolik sesajen wonten ing ritual salebeting tari angguk kados ing ngandhap menika. a. Tumpeng Sajen ingkang arupi tumpeng menika simbol gesangipun manungsa supados tansah tumungkul dhumateng Gusti, saengga menapa ingkang 80 dipunsedya saha gegayuhanipun masarakat panyengkuyung saged kabul saha dipunijabahi Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Sekul tumpeng minangka mralambangaken supados wonten ing pagesangan ing sadinten-dintenipun dipunparingi ayom ayem, tentrem kajawi saking maneka werni asalipun saged nyawiji kanthi wujud rasa tali rasa. b. Pisang Raja Sesajen ingkang arupi pisang raja minangka lambang mugi-mugi menapa ingkang dados ancasipun warga kanthi dipunadani tari angguk kipas sedaya saged merajai gegayuhan masarakat panyengkuyung, saha saged nrima waosan angguk supados warga saged ngempal wonten satunggalipun ikatan kados pisang sisiran. c. Pala Gumantung, Pala kependhem Sesajen ingkang arupi pala gumantung saha pala kependhem pralambang kangge tradisi budaya ingkang awrat nyembah dhumateng Gusti, ugi caos paring pakurmatan dhumateng para danyang, danyang inggih menika mantan pendhudhuk ingkang sampun tilar utawi para leluhur. d. Sekar Setaman Sesajen ingkang arupi sekar setaman tegesipun penawar. Melati menika saking tembung lathi supados anggenipun matur tansah ngatos-atos. Sekar kanthi saking tembung kumathil kanthil ingkang tegesipun ngraketaken pasederekan. Kenanga kumanthil ing ngati. Menika arahipun dhateng pangandikanipun ingkang ngantos-atos.