Klapa saha Gendis Jawi

73 Miturut andharan wonten ing nginggil, mila saged dipunpendhet dudutanipun bilih wujuding sajen ingkang arupi duplak, empluk, saha kendhi minangka mralambangaken bilih menapa ingkang dados kekajengan saha gegayuhanipun warga supados ngasilaken kanthi sae saha anggenipun gesang dipunparingi gampil ing saben dinanipun.

10. Jangan Kenthang, tempe saha peyek

Jangan kenthang, tempe saha peyek menika salah satunggaling sajen ingkang dipunginakaken wonten ing ritual. Ingkang sinebat peyek inggih menika peyek kacang, thontho, saha krupuk. Anggenipun negesi sedaya ubarampe kalawau dados setunggal sinebat peyek. Tempe garit saha jangan kenthang minangka jodhonipun tumpeng. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Sayuran, tempe, peyek itu masih rangkaian dari adanya tumpeng sebagai rangkaian tadi dengan tumpeng sebagai rangkaian tadi. Nanti apabila nanati sudah selesai dalam waktu pelaksanaan ritul lha itu nanti dimakan bareng-bareng semua warga. Tempe itu istilahnya gini kita didunia itu dihadapan Tuhan agar semuanya yang menjadi kehendak, pengampunan permintaan maaf dan permohonan selalu dikabulkam artinya kita didunia itu kita menyantri. Peyek, thontho itu kebulatan tekat kita mengabdi kepada Tuhan bersama masara kat dan kita harus bisa mengadopsi “aku wis ngabdi ro Gusti Allah”ki ra cukup dengan itu tapi juga bisa bersinergi dengan masarakat pada umumnya baik itu sing kaya apa wae bentuke kita bisa menjalin persatuan. ” CLW 01 “Jangan, tempe, peyek minangka reroncening tumpeng. Lajeng sasampunipun Ritual kalaksanan di dhahar sareng- sareng sedaya warga masarakat. Tempe tegesipun inggih menika kita wonten ing donya wonten ngarsa Gusti supados pengajeng-ajenganipun, saged dipunijabahi ingkang saged kasebat nyantri. Dene peyek, thontho menika minangka buleting tekat kita ngabdi dhateng Gusti boten cekap namung ngabdi kemawon ananing kedah saged srawung dhateng sedaya masarakat sae ingkang