Kempalan Paguyuban Latihan Cecawis

35 2 Jedor inggih menika salah satunggaling piranti musik ingkang awujud bedug alit. Jedor ingkang dipunginakaken ing Ritual ing salebeting tari angguk kadamel saking kuningan beda kaliyan bedug sanesipun ingkang kadamel saking kayu. Wujudipun jedor kados gambar ing ngadhap menika. Gambar 6 : Jedor dok. Ima Jedor wonten ing nginggil nembe dipunstel kaliyan Bapak Muhadi Suwarno, supados ngasilaken swanten ingkang suro. Salajengipun jedor dipuncepeng dening Bapak Muji Suprapto. 3 Terbang piranti musik ingkang saged dipunwastani rebana. Terbang ingkang dipunginakaken ing Ritual ing salebeting tari angguk wujudipun wonten bedanipun sekedhik kaliyan kentring. Terbang menika ngasilaken swanten ingkang sragam kaliyan kentring. 36 Wujud terbang saged dipuntingali wonten ing gambar ngandhap menika Gambar 7 : Terbang dok. Ima Saderengipun tari angguk katindakaken, piranti musik kedah dipuncobi rumiyin supados saged nuwuhaken swanten ingkang endah. Kajawi anggota ingkang boten kalebet penari saha pemusik ugi nyawisaken piranti sound system. Sound system dipuncobi swantenipun. 4 Busana Busana ingkang dipunginakaken wonten ing tari angguk wonten 2 werni. Busana ingkang dipunginakaken kaliyan mestir saha wiyaga ingkang kejawi mestir. Mestir inggih menika wiyaga ingkang dados pathokan wonten ing tari angguk. Busana ingkang diagem mestir inggih menika sorjan ingkang werninipun biru saha busana ingkang dipunginakaken wiyaga kejawi mestir ngagem busana werni pethak. Rerenggan ingkang dipunginakaken sami antawisipun mestir saha wiyaga sanesipun. 37 Wujudipun busana mestir kados gambar ing ngandhap menika. Gambar 8 : Busana Mestir Tari Angguk dok. Ima Ingkang dados mestir inggih menika Bapak Yatin, Bapak Harso, Bapak Sukimin, saha Bapak Giman. Sampun dipunandharaken wonten ing nginggil bilih mestir ngagem busana werni biru. Pola lante mestir wiwit dumugi pungkasan wonten ing ngajeng piyambak saha wingking piyambak. Mestir menika wiyaga ingkang apal saha sampun lanyah anggenipun nari, awit saking menika mestir minangka pathokan kangge wiyaga sanesipun.