Arta wajib Makna Simbolik Sajen

74 sugeh saha kados pundi mawon kahananipun kita kedah menjalin persatuan .” CLW 01 Adhedhasar kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02 “Jangan kenthang, tempe, peyek menika minangka kita umatipun Gusti Allah nggih mesti tansah ngarep- arep berkah to mbak, ben uripe tansah kepenak,ayom ayem”. CLW 02 Jangan kenthang, tempe garit, saha peyek menika dados lawuhipun tumpeng. Wonten ing salebeting peyek menika werni-werni, antawisipun peyek kacang, saha thontho. Ugi dipunjangkepi tempe garit, saha jangan kenthang. Dipuntingali saking wujudipun menika mralambangaken bilih manungsa wonten ing donya menika tansah ngajeng-ngajeng ridhanipun Gusti Allah, manungsa kedah saged srawung dhateng sedaya masarakat sahengga saged menjalin persatuan.

G. Paedahipun Ritual ing Salebeting Tari Angguk

Ritual ing salebeting tari angguk wonten ing Dhusun Kemiri Dhesa Purwobinangun Kecamatan Pakem Kabupaten Sleman menika taksih dipuntindakaken dening Paguyuban Angguk Kipas Manggolo Budaya saha masarakat panyengkuyung ing Kemiri. Paguyuban Angguk Kipas Manggolo Budaya minangka paraga tansah nguri-uri saha ngrembakaken ritual ing salebeting tari angguk ingkang sampun turun temurun menika. Ritual kasebat taksih dipuntindakaken ngantos dumugi samenika, amargi wontenipun paedah- paedah saking ritual ing salebeting tari angguk menika. Ritual ing salebeting tari angguk menika gadhah paedah-paedah ingkang sae tumrapipun warga masarakat. Paedah-paedah ingkang wonten ing ritual 75 kasebat inggih menika paedah spiritual saha syiar agami, paedah sosial, paedah ekonomi, saha paedah nglestantunaken budaya. Saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi, pramila paedah ritual ing salebeting tari angguk menika dipunandharaken kados ing ngandhap menika.

1. Paedah Spiritual saha Syiar Agama

Ritual ing salebeting tari angguk paring paedah tumrap masarakat ingkang nglampahi. Paedah spiritualipun kangge ngiket kapitadosan masarakat wonten ngarsanipun Gusti Allah inggih kanthi waosan-waosan wonten ing lirik utawi syair ingkang dipuntembangaken wonten ing angguk menika. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Satu karena pada waktu itu masarakat kalau tanpa sajen, masarakat itu tidak mau menerima artinya nek ora nganggo sajen kita lepas karo wong ta, lha masarakat tidak mau menerima seperti itu. Makanya wo ya tak nganggo, ben wong-wong ki sebetulnya ini hanya sebagai mengikat keyakinan atau alibi orang itu biarpun aku wis mengucapkan apa lafal kepada Tuhan tapi nek tanpa sajen aku dianggep dongane wong kui durung tekan. Aku membaca ini kan tujuanya tetap kepada Tuhan. ” CLW 01 “setunggal amargi jaman rumiyin menawi tanpa sajen masarakat dereng saged narima, tegesipun nek ora nganggo sajen tegesipun ucul saking wong, lajeng masarakat boten kersa narima. Awit saking menika kangge ngiket kapitadosan dhumateng Gusti Allah saha donganipun dumugi ngginakaken sajen.” CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02 “Lajeng paedah sanesipun jane menawi menika dipunginakaken donga- donganipun menika tumuju sae menika nggih istilahipun menika saged mengayomi kaliyan gesangipun sedinten-dinten ngaten. ” CLW 02 Miturut andharan ingkang sampun kababar wonten ing nginggil, pramila saged dipunpendhet dudutan bilih ritual ing salebeting tari angguk menika gadhah paedah spiritual. Paedah spiritual saged dipuntingali saking lampahipun ritual ing