Duplak, Empluk saha Kendhi

75 kasebat inggih menika paedah spiritual saha syiar agami, paedah sosial, paedah ekonomi, saha paedah nglestantunaken budaya. Saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi, pramila paedah ritual ing salebeting tari angguk menika dipunandharaken kados ing ngandhap menika.

1. Paedah Spiritual saha Syiar Agama

Ritual ing salebeting tari angguk paring paedah tumrap masarakat ingkang nglampahi. Paedah spiritualipun kangge ngiket kapitadosan masarakat wonten ngarsanipun Gusti Allah inggih kanthi waosan-waosan wonten ing lirik utawi syair ingkang dipuntembangaken wonten ing angguk menika. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Satu karena pada waktu itu masarakat kalau tanpa sajen, masarakat itu tidak mau menerima artinya nek ora nganggo sajen kita lepas karo wong ta, lha masarakat tidak mau menerima seperti itu. Makanya wo ya tak nganggo, ben wong-wong ki sebetulnya ini hanya sebagai mengikat keyakinan atau alibi orang itu biarpun aku wis mengucapkan apa lafal kepada Tuhan tapi nek tanpa sajen aku dianggep dongane wong kui durung tekan. Aku membaca ini kan tujuanya tetap kepada Tuhan. ” CLW 01 “setunggal amargi jaman rumiyin menawi tanpa sajen masarakat dereng saged narima, tegesipun nek ora nganggo sajen tegesipun ucul saking wong, lajeng masarakat boten kersa narima. Awit saking menika kangge ngiket kapitadosan dhumateng Gusti Allah saha donganipun dumugi ngginakaken sajen.” CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02 “Lajeng paedah sanesipun jane menawi menika dipunginakaken donga- donganipun menika tumuju sae menika nggih istilahipun menika saged mengayomi kaliyan gesangipun sedinten-dinten ngaten. ” CLW 02 Miturut andharan ingkang sampun kababar wonten ing nginggil, pramila saged dipunpendhet dudutan bilih ritual ing salebeting tari angguk menika gadhah paedah spiritual. Paedah spiritual saged dipuntingali saking lampahipun ritual ing 76 salebeting tari angguk ingkang ngginakaken donga- donga tuntunan wonten ing agami.

2. Paedah Sosial

Ritual ing salebeting tari angguk dipunsengkuyung dening sedaya masarakat dhusun Kemiri. Menika nedahaken bilih ritual ing salebeting tari angguk gadhah paedah sosial. Wontenipun ritual menika ndadosaken rasa pasaduluran para warga langkung rumaket. Masarakat sesarengan anggenipun nyamektakaken sedaya ubarampe kangge ritual ing salebeting tari angguk. Saperangan masarakat wonten ingkang masak kangge sesajen, saperangan malih wonten ingkang nyamektakaken piranti ingkang badhe dipunginakaken kangge tari angguk. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05 “fungsi sosialipun menika nggih kangge wujud persatuan para warga mriki. Lha nek pas masak-masak menika kanthi sareng-sareng, mangkih ibu-ibu ingkang masak, mangkih ingkang kakung nyepak-nyepake alat-alat kangge pentas.” CLW 05 Andharan menika dipunsengkuyung dening Pratelanipun informan 08 “...Kaping kalihe para warga nggih ibu-ibu sami masak sareng- sareng, guyup rukun mbak .” CLW 08 Lampahipun ritual ing salebeting tari angguk menika gadhah paedah sosial tumraping warga masarakat Kemiri. Paedah menika katitik saking gotong royongipun warga nalika nindakaken ritual, ugi saged ngraketaken rasa pasaduluran saha pasrawunganipun warga Dhusun Kemiri saha sakiwatengenipun.