Pisang Raja Makna Simbolik Sajen

68 tegesipun sedaya sekar ingkang wonten ing pataman. Ananging temtu kemawon boten badhe mendhet sedaya sekar ingkang wonten ing pataman menika. Pramila cekap ngginakaken sekar mawar abrit, mawar pethak, kanthil, mleti saha kenanga. Nama sekar-sekar menika mralambangaken bilih mawar tegesipun binawar, mlathi tegesipun kedaling lathi, kanthil tegesipun bisa kumanthil kanthil ing wardaya, kenanga tegesipun kumenang-kenang ing manah. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “Sekar setaman itu terdiri dari mawar merah, mawar putih, kanthil, melati, dan kenanga. Sekar setaman melambangkan mawar merah simbol bibit kehidupan dari ibu sedangkang mawar putih melambangkan bibit kehidupan dari bapak. Kenanga kumenang kenang dihati yang artinya mengenang warisan leluhur baik berupa kesenian dan kebudayaan. Melati kedaling lathi maksudnya dalam berucap dan berbicara hendaknya selalu berhati-hati dan dari hati nurani. Kanthil tansah kumathil kanthil maksudnya kasih sayang yang tidak terputus yaitu kasih sayang kepada semua makhluk termasuk para leluhur.” CLW 01 “sekar setaman kaperang saking mawar abrit, mawar pethak, kanthil, melati, saha kenanga. Sekar setaman mralambangaken bilih mawar pethak gadhah teges bibit gesang saking ibu bilih mawar pethak gadhah teges bibit gesang saking bapak. Kenanga kumenang kenang ing ati ingkang tegesipun ngemut-emut warisan leluhur ingkang awujud kesenian saha kabudayan. Mlathi kedhaling lathi gadhah teges bilih nalika ngendhika kedah ngatos-atos saha tansah ngati-ati. Kanthi tansah kumanthil kanthil gadhah teges tresna ingkang boten wonten watesipun dhumateng sedaya tiyang kalebet para leluhur.” CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02 “Mawar niku ateges penawar umpami wonten bebaya saged dados tolak bala, mlati mralambangaken sedaya ingkang dipunaturaken kedah dipunjagi ateges boten kenging ngapusi. Kanthi saking tembung kumathil kanthil tegesipun ngraketaken pasederekan.” CLW 02 Adhedhasar wonten ing nginggil menika seged dipunpundhut dudutanipun bilih ingkang kalebet sekar setaman inggih menika mawar abrit, mawar pethak, mlati, kenanga, saha kanthil. Sekar setaman tegesipun penawar. Melati menika 69 saking tembung lathi ingkang tegesipun sedaya ingkang dipunandharaken kedah dipunjagi saha tansah ngatos-atos. Sekar kanthi saking tembung kumathil kanthil ingkang tegesipun ngraketaken pasederekan supados sedaya saged rukun. Lajeng kenanga kumanthil ing ngati. Menika arahipun dhateng pangandikanipun ingkang ngantos-atos, dados menawi ngendika kedah ingkang sae.

5. Kinang

Kinang menika minangka pralambang sesembahan kita dhumateng para leluhur supados pikantuk berkah pangestunipun. Awit para leluhur menika remen nginang, Pramila kinang minangka sesembahanipun. Adhedhasar menika jumbuh kaliyan Pratelanipun informan 01 “Kinang itu merupakan sesembahan kepada leluhur, untuk mendapatkan restu. Karena jaman dahulu, nenek moyang atau simbah-simbah suka nginang.” CLW 01 “ Kinang minangka sesembahan dhateng leluhur, supados pikantuk berkah pangestu. Jaman rumiyin, para leluhur menika remen nginang.” CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening Pratelanipun informan 02 “Kinang mralambangaken sesembahan dhateng tiyang sepuh, awit simbah kala rumiyin seneng nginang. CLW 02 Kinang menika salah satunggaling sajen ingkang kalebet wonten ing ritual ing salebeting tari angguk. Kinang menika wujudipun sedhah, gambir, injet, saha sata. Kinang menika minangka lambang sesembahan dhateng tiyang sepuh utawi leluhur, supados pikantuk berkah.