Cara Ngempalaken Data CARA PANALITEN

20 dipuntindakaken saking proses mendhet data dumugi proses saksampunipun mendhet data. Data ingkang sampun dipunpendhet dipunproses kanthi unitisasi saha kategorisasi. Unitisasi inggih menika data ingkang sampun dipunpendhet ditransformasikan kanthi sistematis dados unit-unit. Kategorisasi inggih menika ndamel milih-milih unit-unit supados cetha. Dados data menika dipunwaos, dipunsinau lajeng dipunpilih unit ingkang ngemot data ingkang dipunginakaken utawi data ingkang wigati, menawi sampun data-data menika dipundamel rangkuman inti. Nganalisis data menika kangge ngolah data ingkang sampun dipuninformasiaken inggih menika sajen ritual ing salebeting tari angguk.

G. Teknik Ngesahaken Data

Panaliten menika ngginakaken triangulasi data, inggih menika teknik pemeriksaan keabsahan data ingkang ngginakaken setunggaling cara ingkang wonten ing njawi data kangge ngecek utawi kangge tetandhing data ingkang sampun pikantuk Moleong, 2006: 178 ing Maria Astria Rini, 2012. Teknik triangulasi menika dipunginakaken supados asiling panaliten valid saha saged dipuntanggeljawabaken. Triangulasi ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi sumber saha triangulasi metode, inggih menika mekaten. 1. Triangulasi sumber, inggih menika dipuntindakaken kanthi nandhingaken menapa ingkang dipuaturaken informan satunggal saha informan sanesipun wonten ing salebetipun pirembagan utawi wawancara, kajawi menika ugi saged kajumbuhaken kaliyan teori wonten ing buku. 21 2. Triangulasi metode, inggih menika katindakake kanthi cara nandhingaken data asiling panaliten kaliyan data asiling wawancara utawi cara anggenipun ngempalaken dhata ganda, ing antawisipun arupi observasi saha pirembagan. 22

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Deskripsi Setting Panaliten

1. Andharaning Papan Ritual ing salebeting Tari Angguk

Papan panaliten ingkang wonten ing panaliten inggih menika Dhusun Kemiri. Dhusun Kemiri dumugi Desa Purwobinangun tebihipun kirang langkung 6 Km. Miturut saking Monografi Desa Purwobinangun taun 2010, kahanan geografis Desa Purwobinangun dumunung ing 600 meter diatas permukaan laut. Desa Purwobinangun kalebet tlatah ingkang dumunung wonten ing dataran tinggi kanthi curah hujan ____mm taun saha suhu udara kirang langkung 32°C. Wates- watesanipun Desa Purwobinangun kanthi administratif saged katingal wonten ing ngandhap menika: sisih ler : Hutan Merapi sisih kidul : Desa Donoharjo sisih kilen : Desa Girikerto, Desa Donokerto sisih wetan :Desa Hargobinangun, saha Desa Candibinangun Wiyaripun tlatah Desa Purwobinangun inggih menika 4.384,04 Ha². Purwobinangun kaperang dados 16 Dhusun, inggih menika Dhusun Turgo, Dhusun Ngepring, Dhusun Kemiri, Dhusun Ngelosari, Dhusun Tawangrejo, Dhusun Ngringin, Dhusun Potro, Dhusun Watuadeg, Dhusun Jamblangan, Dhusun Beneran, Dhusun Bunder, Dhusun Kardangan, Dhusun Srowolan, Dhusun Karanggeneng, Dhusun Kadilobo, Dhusun Sembung. Peranganing tlatah Desa Purwobinangun saged dipuntingali wonten ing Gambar 1.