Jangan Kenthang, tempe saha peyek

76 salebeting tari angguk ingkang ngginakaken donga- donga tuntunan wonten ing agami.

2. Paedah Sosial

Ritual ing salebeting tari angguk dipunsengkuyung dening sedaya masarakat dhusun Kemiri. Menika nedahaken bilih ritual ing salebeting tari angguk gadhah paedah sosial. Wontenipun ritual menika ndadosaken rasa pasaduluran para warga langkung rumaket. Masarakat sesarengan anggenipun nyamektakaken sedaya ubarampe kangge ritual ing salebeting tari angguk. Saperangan masarakat wonten ingkang masak kangge sesajen, saperangan malih wonten ingkang nyamektakaken piranti ingkang badhe dipunginakaken kangge tari angguk. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05 “fungsi sosialipun menika nggih kangge wujud persatuan para warga mriki. Lha nek pas masak-masak menika kanthi sareng-sareng, mangkih ibu-ibu ingkang masak, mangkih ingkang kakung nyepak-nyepake alat-alat kangge pentas.” CLW 05 Andharan menika dipunsengkuyung dening Pratelanipun informan 08 “...Kaping kalihe para warga nggih ibu-ibu sami masak sareng- sareng, guyup rukun mbak .” CLW 08 Lampahipun ritual ing salebeting tari angguk menika gadhah paedah sosial tumraping warga masarakat Kemiri. Paedah menika katitik saking gotong royongipun warga nalika nindakaken ritual, ugi saged ngraketaken rasa pasaduluran saha pasrawunganipun warga Dhusun Kemiri saha sakiwatengenipun. 77

3. Paedah Ekonomi

Paedah ekonomi ritual ing salebeting tari angguk ugi paring paedah. Tumrap saperangan masarakat, ritual ing salebeting tari angguk menika dados salah satunggaling pertunjukan. Pramila wontenipun ritual ing salebeting tari angguk menika saged nambahi income masarakat mliginipun Paguyuban Angguk Kipas Manggolo Budaya. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 “Habis itu ya main, main biasa, setelah pulang ya itu, kumpulan lagi evaluasi, nanti istilahnya ada pemasukan berapa, pengeluaran berapa, itu nanti sinkron atau enggak. Tapi kalau Angguk itu biasanya kebanyakan lebih pemasukannya lebih daripada pengeluaran. ” CLW 07 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 01 “Masalah biaya materi sudah dinomor sekiankan, karena tidak dikomersilkan dan konotasi tidak ada. ” CLW 01 Miturut andharan wonten ing nginggil menika saged dipunmangertosi bilih ritual ing salebeting tari angguk menika gadhah paedah ekonomi kanthi wontenipun income mliginipun kangge Paguyuban Angguk Kipas Manggolo Budaya.

4. Paedah Nglestantunaken Budaya

Paedah sanesipun saking Ritual ing salebeting tari angguk inggih menika minangka sarana kangge nglestantunaken budaya wonten ing salebeting ritual menika. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 “nggih kangge ngguri-uri kabudayan Jawi lan kangge ngregengaken mbak. ” CLW 04