Setting Nemtokaken Informan CARA PANALITEN

19

E. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih menika panaliti piyambak amargi panaliti minangka perencana, ingkang ngleksanakaken, ngempalaken data, nganalisis, saha ingkang damel panaliten menika. Wonten ing Sugiyono 2010: 306 panaliti minangka human instrument gadhah paedah nemtokaken fokus penelitian, nemtokaken informan minangka sumber data, ngempalaken data, menilai kualitas data, nganalisis data, menafsirkan data, saha damel dudutan saking data ingkang sampun kapundhut. Miturut pamanggihipun Endrasawara 2006: 133 human instrument ndadosaken panaliti kangge memodifikasi pitakenan ingkang dipunjumbuhaken kalihan kondisi informan. Inggih menika wawanrembag adhedhasar kaliyan pitakenan ingkang sampun dipunsamektakaken ananging taksih saged dipunwiyaraken gumantung kaliyan kabetahan. Piranti ingkang dipunginakaken dening panaliti kangge nggampilaken anggenipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken buku cathetan, pedoman wawancara, tape recorder ingkang dipunginakaken kangge pirembagan dhateng informan, saha piranti-piranti sanesipun inggih menika camera digital, saha handycam.

F. Cara Nganalisis Data

Wonten ing panaliten menika, caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika analisis induktif. Miturut Endraswar 2006: 175 ancasipun analisis data induktif menika supados informasi ingkang sampun dipunpendhet menika cetha. Ngginakaken analisis induktif menika dados analisi 20 dipuntindakaken saking proses mendhet data dumugi proses saksampunipun mendhet data. Data ingkang sampun dipunpendhet dipunproses kanthi unitisasi saha kategorisasi. Unitisasi inggih menika data ingkang sampun dipunpendhet ditransformasikan kanthi sistematis dados unit-unit. Kategorisasi inggih menika ndamel milih-milih unit-unit supados cetha. Dados data menika dipunwaos, dipunsinau lajeng dipunpilih unit ingkang ngemot data ingkang dipunginakaken utawi data ingkang wigati, menawi sampun data-data menika dipundamel rangkuman inti. Nganalisis data menika kangge ngolah data ingkang sampun dipuninformasiaken inggih menika sajen ritual ing salebeting tari angguk.

G. Teknik Ngesahaken Data

Panaliten menika ngginakaken triangulasi data, inggih menika teknik pemeriksaan keabsahan data ingkang ngginakaken setunggaling cara ingkang wonten ing njawi data kangge ngecek utawi kangge tetandhing data ingkang sampun pikantuk Moleong, 2006: 178 ing Maria Astria Rini, 2012. Teknik triangulasi menika dipunginakaken supados asiling panaliten valid saha saged dipuntanggeljawabaken. Triangulasi ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi sumber saha triangulasi metode, inggih menika mekaten. 1. Triangulasi sumber, inggih menika dipuntindakaken kanthi nandhingaken menapa ingkang dipuaturaken informan satunggal saha informan sanesipun wonten ing salebetipun pirembagan utawi wawancara, kajawi menika ugi saged kajumbuhaken kaliyan teori wonten ing buku.