Panaliten Ingkang Jumbuh GEGARANING

17 Dene ingkang dados sumber data inggih menika: 1. Data primer Inggih menika data ingkang kapundhut kanthi cara pengamatan langsung wonten ing papan panaliten saha kanthi cara wawanrembag dhateng informan. Saderengipun wawanrembag, panaliti kedah nyamektakaken pedoman wawanrembag inggih menika ngginakaken dhaftar pitakenan ingkang sampun dipunsamektakaken saderengipun. Ananging wonten ing panaliten menika, pedoman wawanrembag dipunginakaken kanthi luwes, gumantung kalihan kahanan ing lapangan. 2. Data sekunder Inggih menika ngginakaken buku-buku ingkang jumbuh kalihan panaliten ingkang dipunpundhut. Pramila informan ingkang dados key informan ing panaliten menika inggih menika sesepuh Paguyuban Angguk Kipas Manggolo Budaya. Sesepuh paguyuban dados key informan amargi sampun dipunsepuhaken saengga dipunpandhang mangertos babagan sajen ritual ing salebeting tari angguk.

D. Cara Ngempalaken Data

Cara ngempalaken data ingkang dipuntindakaken inggih menika mawi cara observasi berpartisipasi, saha wawancara mendalam tumrap informan ngengingi sejarah utawi asal-usuling ritual ing salebeting tari angguk, paedah, saha ancasing masarakat ngawontenaken ritual ing salebeting tari angguk ing Dhusun Kemiri Desa Purwobinangun. Panaliti ugi ngginakaken cara simak libat catat lajeng dipunjangkepi dokumentasi. 18 Observasi berpartisipasi inggih menika panaliti ngawontenaken pengamatan langsung ngengingi lampahing tari angguk ing Dhusun Kemiri Desa Purwobinangun Kecamatan Pakem Kabupaten Sleman. Observasi katindakaken inggih menika panaliti ningali langsung saha nyathet sedaya perkawis ingkang gayut kaliyan lampahing tari angguk. Cara menika gadhah ancas supados panaliti pikantuk data ingkang kapendhet langsung saking papan lumampahing tari angguk. Kasiling pengamatan kalawau dipundadosaken dhasar anggenipun wawancara saha observasi salajengipun. Sasampunipun panaliti nindakaken observasi, panaliti sampun angsal saperangan bab ingkang samangke dipundadosaken kangge pedoman pirembagan salajengipun supados data ingkang kapundhut saged jumbuh kalihan menapa ingkang dipunkajengaken dening panaliti saha asiling data-data ingkang kapundhut saged jangkep. Saengga panaliten menika saged kasebat kanthi pirembagan mendalam. Pirembagan mendalam utawi wawancara mendalam inggih menika pirembagan antawisipun panaliti saha informan kangge tukar informasi saha ide mawi pitakenan saha wangsulan, satemah saged dipunmangertosi makna satunggaling topik ingkang sampun katemtokaken. Dokumentasi dipunginakaken kangge njangkepi data-data ingkang sampun kapundhut saking asiling pirembagan kanthi mendalam. Dokumentasi ing panaliten menika awujud seratan-seratan, rekaman, saha foto-foto babagan ritual ing salebeting tari angguk Dhusun Kemiri Desa Purwobinangun ingkang samangke dipunjumbuhaken kalihan data ingkang sampun kaserat kalihan katrangan saking informan.