Tataran Pendhidhikan Andharaning Papan Ritual ing salebeting Tari Angguk

29 Andharan ing nginggil dipunsengkuyung dening informan 02 bapak Marsudi saha informan 08. “Mula bukane niku nek kados kula menika pun turun temurun, pun ping pinten nggih, nek boten ping telu napa ping pat, ming kantun penerus. Nek sejarah-sejarah niku riyen niku boten patek jelas, dados entene mung kantun neruske ngoten. ” CLW 05 “Mula bukane Tari Angguk nek kula namung neruske, riyen niku saking Kadiraja, kirang langkung taun 1918, ning sing tamat niku lak Pak Muh .’’ CLW 08 Saking pamanggih-pamanggih ing nginggil menika, saged dipunpendhet dudutan bilih mula bukaning kesenian angguk ing Dhusun Kemiri, Desa Purwobinangun, Kecamatan Pakem, Kabupaten Sleman wiwit taun 1918 saha nerasaken saking tiyang sepuhipun utawi saged dipunwastani warisan saking para leluhuripun. Saking andharan ing nginggil menika saged dipunpundhut dudutanipun bilih kesenian angguk kalebet ugi kalebet folklor, awit para paraga kesenian angguk nglestantunaken menika adhedhasar saking para leluhuripun ingkang pikantuk sarana lesan. Kejawi menika, boten wonten ingkang mangertos sinten ingkang sepisan damel kesenian angguk. Perkawis menika jumbuh kaliyan teori titikan folklor ing antawisipun folklor pangrembakanipun saha pewarisanipun dipuntindakaken kanthi lesan, inggih kanthi cariyos gethok tular saking generasi setunggal dumugi generasi salajengipun. Wonten ing kesenian angguk, cariyos gethok tular menika dipunwarisaken dening tiyang sepuh dhateng putranipun, lajeng tumurun dhateng wayahipun lan salajengipun. 30 Kados kesenian-kesenian sanesipun, kesenian angguk menika ugi wonten tata cara utawi lampahipun. Awit saking menika, wonten ing panaliten menika badhe dipunandharaken lampahing kesenian angguk.

C. Prosesi Ritual ing Salebeting Tari Angguk

Kesenian angguk minangka salah satunggaling kadadosan ingkang wigati. Kesenian menika katindakaken masarakat panyengkuyung kangge mengeti supitan, mantu, midhang dhateng peken saha hajatan sanesipun kanthi lampah masrahaken sajen. Saderengipun tari angguk langkung rumiyin 1 kempalan paguyuban, 2 latihan, 3 cecawis piranti, 4 cecawis sesaji, 5 lampahing tari angguk, 6 evaluasi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 02 Pak Muhadi saha informan 04 Pak Nardi Siswoyo “...Menawi panjenengan menika nyuwun pirsa wiwit rumiyin simbah ingkang nyepeng utawi nglatih menika aslinipun seni solawat Angguk menika nate kangge wontening sedherek perlu, tegesipun menika hajatan, umpaminipun mantu, supit, lan keperluan sanes- sanesipun. Midhang dhateng peken, yen alam rumiyin menika ugi ngaten .” CLW 02 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04 saha informan 08 ” ... Nek hajatan tetep ngangge sajen, pas manten, supitan nggih wonten sajene, ning nek biasa- biasa mawon boten. ” CLW 04 “ ...tetep taksih ngangge sajen pokoke nek gen sunatan, tingkeban niku disajeni niku punmesti, ke dah sajen.” CLW 08 Saking andharan ing nginggil menika, ugi dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07. “Ya tau, tau. Pertama kalikan, kalau ada event, apa ya namanya, kumpulan gitu aja ya, ya intinya membahas itu, rencanannya gimana, rencananya, ya istilahe kan, kadang ada permintaan dari yang mau nanggap, mungkin berapa menit, berapa lagu, itu kan ditentukan, beda