Alur Unsur-Unsur Struktural ingkang wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.

Mbok Nayapada wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat kalebet paraga protagonis saha kalebet paraga sederhana. Teknik pelukisan paraga Mbok Nayapada dipunandharaken mawi teknik analitis. 4 Darya Paraga Darya wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat dipunandharaken minangka tiyang ingkang bebuden luhur. Darya minangka kangmasipun Darba, piyambakipun sampun gadhah garwa saha putra. Darya menika sampun dados priyayi. Darya ugi ingkang biyantu Darba nalika mbokipun boten patos sarujuk anggenipun kekajenganipun Darba. Darya tumut nyukani andharan-andharan dhateng mbokipun supados mbokipun sarujuk. Wonten ing novel menika Darya kalebet paraga protagonis saha kalebet paraga sederhana. Teknik pelukisan paraga Darya dipunandharaken mawi teknik dramatik. 5 Mas Bei Mangunripta Mas Bei Mangunripta menika minangka priyayi ingkang gadhah gengsi ingkang ageng. Piyambakipun gadhah pamanggih bilih priyayi menika kedah dipunkurmati saha dipunajeni tumrap sinten kemawon. Nalika wonten tiyang ingkang boten sengaja dhawah lajeng ngembruki Mas Bei Mangunripta, piyambakipun nepsu lajeng ngungel-ungeli tiyang wau ngantos tiyang-tiyang ing sacelakipun sami ajrih. Mas Bei Mangunripta wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat menika kalebet paraga antagonis saha paraga bulat. Teknik pelukisan paraga Mas Bei Mangunripta dipunandharaken mawi teknik dramatik.

d. Latar

Latar menika dipunperang dados tiga inggih menika latar papan, latar wekdal, saha latar sosial. Tiga latar wau gadhah gayutan ingkang celak saha nyengkuyung cariyos ingkang dipunandharaken inggih menika babagan pagesanganipun tetiyang ingkang gadhah status sosial ingkang inggil ing lingkungan padhusunan. Wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat menika latar papan ingkang wonten ing cariyos inggih menika papan-papan utawi dhaerah ingkang taksih wonten ing tanah Jawi. Papan-papan ingkang dipunmaksud inggih menika Semarang, setatsiyun Balapan Surakarta, setatsiyun Purwasari, Dlanggu, Surakarta. 1 Setatsiyun Balapan Surakarta Latar papan ingkang sapisan dipuntedahaken wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat inggih menika wonten ing setatsiyun Balapan Surakarta. Pethikan datanipun inggih kados makaten. Wanci jam gangsal sontenˏ karéta latu ingkang saking Semarang dhateng Ngayogyakartaˏ sampun dumugi ing setatsiyun Balapan Surakarta. KND: 11 Data kasebut nedahaken bilih latar papan ingkang wonten ing cariyos inggih menika wonten ing setatsiyun Balapan Surakarta. Kacariyosaken nalika Darba sakulawarganipun badhe tindak dhateng Dlanggu nitih sepur, pramila piyambakipun wonten ing setatsiyun Balapan Surakarta. 2 Setatsiyun Purwasari Data ingkang nedahaken latar papan setatsiyun Purwasari inggih menika.