Watesaning Perkawis Wosing Perkawis

ekstrinsik . Wonten ing panaliten menika ingkang badhe dipunandharaken inggih menika babagan unsur intrinsik. Unsur intrinsik intrinsic Nurgiyantoro, 2013: 30 inggih menika unsur- unsur ingkang ambangun karya sastra kasebut. Unsur intrinsik salah satunggaling novel inggih menika unsur-unsur ingkang tumut ambangun cariyos wonten ing novel kasebut. Unsur ingkang dipunmaksud inggih menika kadosta, prastawa, cariyos, plot, penokohan, tema, latar, sudut pandang, basa utawi gaya bahasa.

2. Pendekatan Struktural Semiotik

a. Pendekatan Struktural

Struktur inggih menika kaitan-kaitan tetap antawis kelompok-kelompok gejala. Kaitan-kaitan kasebut dipunwontenaken dening salah satunggaling panaliti adhedhasar anggenipun ngawontenaken observasi. Tuladhanipun: paraga- paraga wonten ing salah satunggaling novel saged dipunperang miturut kelompok- kelompokipun piyambak-piyambak kados makaten: paraga utama, paraga ingkang nglawan, paraga ingkang biyantu lan sapanunggalanipun. Anggenipun nyacah miturut kelompok-kelompokipun adhedhasar gayutanipun. Antawis paraga utama kaliyan para paraga pendukung wonten gayutanipun asosiasi pambiyantu, dukungan, kepentingan sareng-sareng, antawis paraga utama saha para lawan gayutanipun oposisi. Gayutan-gayutan kasebut asipat ajeg, tegesipun boten gumantung kaliyan salah satunggaling novel tartamtu Luxemburg dkk, 1984: 36. Luxemburg dkk 1984: 38 ugi nambahaken bilih utaminipun pangertosan struktur inggih menika, bilih salah satunggaling karya utawi prastawa wonten ing masarakat andadosaken salah satunggaling keseluruhan amargi wonten gayutanipun timbal balik antawis perangan-peranganipun saha antawis perangan lan sedayanipun. Miturut Ryan saha Tyson wonten ing Nurgiyantoro, 2013: 58 struktur inggih menika sistem aturan ingkang ndadosaken mapinten-pinten elemen menika awujud salah satunggaling kesatuan ingkang “bersistem” satemah ndadosaken elemen-elemen menika kalawau kagungan makna. Kajawi istilah struktural ugi wonten istilah strukturalisme. Strukturalisme miturut Abrams wonten ing Nurgiyantoro, 2013: 59 saged dipuntingali minangka salah satunggaling pendekatan kasusastran ingkang ngutamekaken kajian gayutanipun saben unsur pembangun karya ingkang dipunmaksud. Strukturalisme inggih minangka cara berpikir babagan donya ingkang utaminipun gegayutan kaliyan tanggapan saha gambaran babagan struktur-struktur Endraswara, 2013: 49. Miturut Junus Endraswara, 2013: 49 strukturalisme asring dipunpahami minangka wujud. Karya sastra inggih menika wujud. Miturut Levi-Strauss lan Propp Endraswara, 2013: 49 strukturalisme wonten gayutanipun kaliyan filsafat. Strukturalisme saged nggambaraken pikiran saking ingkang gadhah cariyos. Perkawis menika ateges bilih strukturalisme sastra modern utawi sastra tradhisional, tetep wonten gayutanipun kaliyan perkawis- perkawis wonten ing njawi struktur. Pendekatan struktural inggih menika salah satunggaling panaliten kasusastran ingkang mliginipun nliti dhateng gayutanipun saben unsur pembangun karya ingkang dipuntliti. Analisis struktural karya sastra saged dipunlampahi kanthi mengidentifikasi, mengkaji, saha mendeskripsikan fungsi saha gayutanipun saben unsur intrinsik fiksi ingkang dipunmaksud. Ingkang