Tema Unsur-Unsur Struktural ingkang wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.

ramanipun Darba ingkang pedamelanipun abdidalem apangkat drajat. Dipuncariyosaken bilih Ki Mas Nayapada menika gadhah manah ingkang sumeleh, wicaksana, anggenipun nggulawentah putra-putranipun mawi cara ingkang sae. Wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat, paraga Ki Mas Nayapada kalebet paraga protagonis saha kalebet paraga sederhana. Teknik pelukisan paraga Ki Mas Nayapada dipunandharaken mawi teknik analitis. 3 Mbok Nayapada Paraga tambahan saklajengipun inggih menika Mbok Nayapada. Biyungipun Darba wonten ing novel menika gadhah sipat ingkang tresna dhumateng kulawarganipun mliginipun kaliyan putra-putranipun. Mbok Nayapada ugi gadhah sipat was sumelang, sipat ingkang kados makaten dipuntedahaken nalika Darba matur dhateng tiyang sepuhipun bilih badhe nilaraken kapriyayianipun saha saklajengipun badhe pados pedamelan ingkang sambet kaliyan kaluwihanipun Darba, Darba ugi kepengen ngangsu kawruh supados seserepanipun langkung wiyar. Mireng kados makaten Mbok Nayapada waunipun boten sarujuk menawi Darba nilar kapriyayianipun amargi biyungipun kepengen sanget Darba dados priyayi ingkang sami dipunajeni kaliyan tiyang sanes. Mbok Nayapada sumelang menawi Darba pados pedamelan sane ing tembe burine Darba namung dipunanggep asor dhateng tiyang sanes, ananging kanthi andharan Darba ingkang sareh saha damel pitadosipun mbokipun. Pungkasanipun mbok Nayapada sarujuk kaliyan menapa ingkang dipunkajengaken Darba. Mbok Nayapada wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat kalebet paraga protagonis saha kalebet paraga sederhana. Teknik pelukisan paraga Mbok Nayapada dipunandharaken mawi teknik analitis. 4 Darya Paraga Darya wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat dipunandharaken minangka tiyang ingkang bebuden luhur. Darya minangka kangmasipun Darba, piyambakipun sampun gadhah garwa saha putra. Darya menika sampun dados priyayi. Darya ugi ingkang biyantu Darba nalika mbokipun boten patos sarujuk anggenipun kekajenganipun Darba. Darya tumut nyukani andharan-andharan dhateng mbokipun supados mbokipun sarujuk. Wonten ing novel menika Darya kalebet paraga protagonis saha kalebet paraga sederhana. Teknik pelukisan paraga Darya dipunandharaken mawi teknik dramatik. 5 Mas Bei Mangunripta Mas Bei Mangunripta menika minangka priyayi ingkang gadhah gengsi ingkang ageng. Piyambakipun gadhah pamanggih bilih priyayi menika kedah dipunkurmati saha dipunajeni tumrap sinten kemawon. Nalika wonten tiyang ingkang boten sengaja dhawah lajeng ngembruki Mas Bei Mangunripta, piyambakipun nepsu lajeng ngungel-ungeli tiyang wau ngantos tiyang-tiyang ing sacelakipun sami ajrih. Mas Bei Mangunripta wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat menika kalebet paraga antagonis saha paraga bulat. Teknik pelukisan paraga Mas Bei Mangunripta dipunandharaken mawi teknik dramatik.