Mbangun Miturut dhateng Tiyang Sepuh

Darba yuswanipun 22 taun lajeng sakmenika nembe nglampahi magang wonten ing Kapatihan. Darba menika anak ingkang gadhah bebuden luhur, tatakramanipun sae, hormat, gapyak dhateng sinten kemawon. Darba ugi remen sinau, prekawis menapa kemawon dipunsinau dening piyambakipun, prekawis menika ingkang ndadosaken Darba gadhah pangertosan ingkang wiyar, menawi badhe mutusaken salah satunggaling prekawis piyambakipun tansah ngginakaken nalar-nalar ingkang premati. Darba ugi remen wicantenan kaliyan sinten kemawon mliginipun para tiyang ingkang winastan sarjana ngrembag salah satunggaling prekawis. Kanthi makaten kawruhipun Darba saya mindhak pikiranipun tansah lumampah. Maos serat kabar ndadosaken karemenan piyambak tumrap Darba, amargi remen maos serat kabar Darba lajeng wiwit nyerat wonten ing serat kabar. Karangan- karanganipun Darba mliginipun ngrembag kabetahanipun tiyang kathah, boten nate nuju dhateng salah satunggaling tiyang menapa malih ngawon-awonaken. Ing serat kabar menika Darba ngginakaken sesinglon Jaka Wiyadi. Kathah alangan anggenipun Darba badhe pados menapa ingkang dipunkajengaken dening piyambakipun. Darba wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat menika kalebet paraga protagonis, saha kalebet paraga sederhana. Teknik pelukisan paraga Darba dipunandharaken mawi teknik analitis. 2 Ki Mas Nayapada Paraga tambahan wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat menika ingkang kapisan inggih menika Ki Mas Nayapada. Ki Mas Nayapada inggih menika ramanipun Darba ingkang pedamelanipun abdidalem apangkat drajat. Dipuncariyosaken bilih Ki Mas Nayapada menika gadhah manah ingkang sumeleh, wicaksana, anggenipun nggulawentah putra-putranipun mawi cara ingkang sae. Wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat, paraga Ki Mas Nayapada kalebet paraga protagonis saha kalebet paraga sederhana. Teknik pelukisan paraga Ki Mas Nayapada dipunandharaken mawi teknik analitis. 3 Mbok Nayapada Paraga tambahan saklajengipun inggih menika Mbok Nayapada. Biyungipun Darba wonten ing novel menika gadhah sipat ingkang tresna dhumateng kulawarganipun mliginipun kaliyan putra-putranipun. Mbok Nayapada ugi gadhah sipat was sumelang, sipat ingkang kados makaten dipuntedahaken nalika Darba matur dhateng tiyang sepuhipun bilih badhe nilaraken kapriyayianipun saha saklajengipun badhe pados pedamelan ingkang sambet kaliyan kaluwihanipun Darba, Darba ugi kepengen ngangsu kawruh supados seserepanipun langkung wiyar. Mireng kados makaten Mbok Nayapada waunipun boten sarujuk menawi Darba nilar kapriyayianipun amargi biyungipun kepengen sanget Darba dados priyayi ingkang sami dipunajeni kaliyan tiyang sanes. Mbok Nayapada sumelang menawi Darba pados pedamelan sane ing tembe burine Darba namung dipunanggep asor dhateng tiyang sanes, ananging kanthi andharan Darba ingkang sareh saha damel pitadosipun mbokipun. Pungkasanipun mbok Nayapada sarujuk kaliyan menapa ingkang dipunkajengaken Darba.