Ancasing Panaliten Paedahing Panaliten

gayutanipun timbal balik antawis perangan-peranganipun saha antawis perangan lan sedayanipun. Miturut Ryan saha Tyson wonten ing Nurgiyantoro, 2013: 58 struktur inggih menika sistem aturan ingkang ndadosaken mapinten-pinten elemen menika awujud salah satunggaling kesatuan ingkang “bersistem” satemah ndadosaken elemen-elemen menika kalawau kagungan makna. Kajawi istilah struktural ugi wonten istilah strukturalisme. Strukturalisme miturut Abrams wonten ing Nurgiyantoro, 2013: 59 saged dipuntingali minangka salah satunggaling pendekatan kasusastran ingkang ngutamekaken kajian gayutanipun saben unsur pembangun karya ingkang dipunmaksud. Strukturalisme inggih minangka cara berpikir babagan donya ingkang utaminipun gegayutan kaliyan tanggapan saha gambaran babagan struktur-struktur Endraswara, 2013: 49. Miturut Junus Endraswara, 2013: 49 strukturalisme asring dipunpahami minangka wujud. Karya sastra inggih menika wujud. Miturut Levi-Strauss lan Propp Endraswara, 2013: 49 strukturalisme wonten gayutanipun kaliyan filsafat. Strukturalisme saged nggambaraken pikiran saking ingkang gadhah cariyos. Perkawis menika ateges bilih strukturalisme sastra modern utawi sastra tradhisional, tetep wonten gayutanipun kaliyan perkawis- perkawis wonten ing njawi struktur. Pendekatan struktural inggih menika salah satunggaling panaliten kasusastran ingkang mliginipun nliti dhateng gayutanipun saben unsur pembangun karya ingkang dipuntliti. Analisis struktural karya sastra saged dipunlampahi kanthi mengidentifikasi, mengkaji, saha mendeskripsikan fungsi saha gayutanipun saben unsur intrinsik fiksi ingkang dipunmaksud. Ingkang sepisan dipunidentifikasi saha dipundeskripsikan, tuladhanipun, kados pundi kawontenan prastawa-prastawa ingkang wonten ing cariyos, plot, tokoh lan penokohan, latar, sudut pandang lan sapanunggalanipun. Saklajengipun dipunandharaken kados pundi fungsi-fungsi saben unsur menika saged mbiyantu makna sedayanipun, saha kadospundi gayutanipun saben unsur menika satemah kanthi sesarengan awujud salah satunggaling totalitas – kemaknaan ingkang padu. Tuladhanipun, kadospundi gayutanipun antawis prastawa ingkang setunggal kaliyan sanesipun, gayutanipun kaliyan plot ingkang boten mesthi kronologis, gayutanipun kaliyan paraga lan watakipun, gayutanipun kaliyan latar lan sapanunggalanipun Nurgiyantoro, 2013: 60. Saking andharan wonten ing nginggil saged dipunserat bilih pendekatan struktural inggih menika salah satunggaling pendekatan kasusastran ingkang ngutamekaken kajian gayutanipun saben unsur pembangun utawi unsur intrinsik salah satunggaling karya sastra ingkang dipuntliti. Caranipun nliti inggih menika mawi mengidentifikasi, mengkaji, saha mendeskripsikan fungsi saha gayutanipun saben unsur pembangun utawi unsur intrinsik karya sastra ingkang dipunmaksud utawi ingkang dipuntliti. Kanthi cara makaten saged dipuntingali makna sedayanipun cariyos ingkang wonten ing karya sastra menika saha fungsinipun saben unsur pembangun wonten ing cariyos kasebut. Wonten ing panaliten menika boten ngginakaken analisis struktural murni, pramila saking menika panaliten menika boten badhe ngandharaken babagan gayutanipun saben unsur pembangun karya sastra.