Remen Anggegulang Ngelmi Pirembaganipun

damel manahipun tetiyang sami tentrem. Wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat menika, wujud sikap hidup ingkang kados makaten dipunlampahi dening Darba saha Ki Mas Nayapada. Wondene ukara ingkang nedahaken sikap tansah enget dhateng panguwaosing Gusti Allah inggih kados ing ngandhap menika. Darba kèndel linggih ing séla ageng celak margiˏ nyawang redi Merapi kumuluk kukusipun. Manahipun keraosˏ ènget dhateng ingkang nitahaken rediˏ bumiˏ surya sapiturutipunˏ lajeng nyenyuwun ing Gusti Allahˏ mugi pinaringan wewenganˏ sagedipun tumunten luwar saking kaprihatosan. KND: 53 Kacariyosaken bilih Darba bingung kaliyan prekawis ingkang nembe dipunlampahi. Nalika samanten Darba nembe lelenggahan lajeng nyawang redi Merapi. Manahipun lajeng enget dhateng Gusti Allah ingkang sampun nitahaken redi, bumi, surya, lan sapanunggalanipun. Darba enget dhateng panguwaosipun Gusti Allah, lajeng ndedonga saha nyenyuwun supados Gusti Allah paring wewengan kangge prekawis ingkang nembe dipunlampahi menika satemah lampah prihatos ingkang dipunlampahi dening Darba menika wonten piwelasanipun saking Gusti Allah. Minangka tiyang ingkang ngrasuk agami Islam kadosta Darba menika, tansah enget dhateng panguwaosipun Gusti Allah inggih salah satunggaling sikap ingkang wajib dipuntindakaken dening tiyang kathah, supados tansah enget bilih sedaya ingkang wonten ing bumi menika saha sedaya prastawa ingkang dipunalami dening tiyang kathah menika amargi saking wujud panguwaosipun Gusti Allah. Ki Mas Nayapada ugi sami kaliyan Darba inggih tansah enget dhateng panguwaosipun Gusti Allah. Katitik saking ukara ing ngandhap menika. Dadi gedhé-cilik pangarep- arepmu kuwi wis ana babaré. Mulanéˏ Dhiˏ saya mantep panuwunmu marang Gusti kang Agun gˏ bisaa lestari sapandhuwuré. KND: 100 Ukara menika dipunaturaken Ki Mas Nayapada dhateng ingkang estri nalika sumerep bilih anakipun Darba sakmenika sampun dados tiyang ingkang dipunajeni dhateng sinten kemawon. Nalika Ki Mas Nayapada saha garwanipun nembe mlampah-mlampah ningali parepatan ageng wonten ing Abipraya saking margi ageng. Ing ngriku Mbok Nayapada sumerep piyambak kadospundi kawontenanipun anakipun. Darba ngadeg ing ngajengan nampeni tamu, meh sedayaingkang rawuh mesthi gineman rumiyin, ngaruh-ngaruhi, malah wonten ingkang gegujengan kaliyan Darba. Walandi ingkang rawuh mawi nyukani tabik, ketawis bilih sampun tepang dangu. Mbok Nayapada ing manahipun bingah sanget amargi menapa ingkang nembe mawon piyambakipun sumerepi inggih Darba ingkang sampun katingal sukses, kathah pitepanganipun, sami dipunajeni dhateng tiyang sanes, menika ingkang ndadosaken Mbok Nayapada ngraos bingah dhateng Darba. Ki Mas Nayapada ingkang mangertos bilih Mbok Nayapada bingah lajeng wicanten makaten, ʺDadi gedhé-cilik pangarep-arepmu kuwi wis ana babaré. Mulanéˏ Dhiˏ saya mantep panuwunmu marang Gusti kang Agungˏ bisaa lestari sapandhuwuré.ʺ Menapa ingkang dipunngendikaaken dening Ki Mas Nayapada menika nedahaken bilih piyambakipun tansah enget dhateng Gusti Allah lajeng Mbok Nayapada kapurih enget dhateng Gusti Allah ugi saha ngaturaken panuwun awit saking panguwaosipun Gusti Allah anakipun Darba sampun pinaringan kabegjan saking Gusti Allah. Sikap ingkang kados