gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun ikon, indeks, simbol ingkang wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat anggitanipun R. Tg. Jasawidagda, panaliti
nemtokaken data
ingkang dipunbetahaken
saha saklajengipun
dipuninterpretasiaken. Piranti pambiyantu ingkang dipunginakaken inggih menika kartu data
kangge nyathet data saking asiling maos novel. Kartu data kaisi ukara-ukara ingkang awujud pethikan-pethikan novel, utawi cathetan-cathetan ingkang
dipunkinten-kinten gegayutan kaliyan pirembagan wujud-wujud sikap hidup priyayi, unsur-unsur struktural, saha wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan
acuan ipun ikon, indeks, simbol ingkang wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat
anggitanipun R. Tg. Jasawidagda. Ing ngandhap menika tuladhanipun tabel kartu data
. 1.
Deskripsi Wujud-Wujud Sikap Hidup Priyayi wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.
No. Data
Paraga Pethikan Data
Wujud Sikap Hidup
Priyayi Kaca
2. Deskripsi Wujud Ikon wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.
Wujud Ikon Indikator
Pethikan Data No.
Data
3. Deskripsi Wujud Indeks wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.
Wujud Indeks Sebab
Akibat No.
Data Kaca
4. Deskripsi Wujud Simbol wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.
No. Wujud Simbol
Pethikan Data Kaca
No. Data
E. Caranipun Nganalisis Data
Wonten ing panaliten menika, caranipun nganalisis data inggih menika ngginakaken cara deskriptif interpretatif. Teknik deskriptif interpretatif menika
dipunginakaken amargi data-data panaliten awujud data verbal asipat interpretatif
ingkang merlokaken andharan kanthi deskriptif. Miturut Endraswara 2013: 67 analisis struktural semiotik ngginakaken langkah heuristik saha
hermeneutik . Analisis struktural semiotik saged mawi tahap-tahap ingkang kados
ing ngandhap inggih menika. 1
Pamaosan heuristik inggih menika maos adhedhasar struktur basa utawi adhedhasar semiotik tingkat kapisan. Mawi pamaosan heuristik, ingkang
dipunlampahi ing antawisipun nerjemahaken utawi ngandharaken makna tembung-tembung kanthi semantik, lajeng dipungayutaken kaliyan ukara saha
paragraf sanesipun. 2
Pamaosan hermeneutik, inggih menika maos karya sastra adhedhasar sistem semiotik tingkat kaping kalih utawi adhedhasar konvensi sastra.
3 Tabulasi inggih menika proses analisis data ingkang dipunparingaken
wonten ing tabel adhedhasar identifikasi unsur-unsur ingkang trep kaliyan ancasing panaliten.
4 Interpretasi dipunginakaken minangka teknik analisis wonten ing panaliten
kaancas kangge nafsiraken wujud-wujud sikap hidup priyayi, unsur-unsur struktural,
saha wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun ikon, indeks, simbol
. 5
Inferensi inggih menika nyukani dudutan saking asiling analisis. Inferensi dipunlampahi mawi nggayutaken gegaran teori saha referensi saking pangertosan
sanesipun. Inferensi panaliten menika anglimputi wujud-wujud sikap hidup priyayi, unsur-unsur struktural, saha wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan
acuan ipun ikon, indeks, simbol.
F. Caranipun Ngesahaken Data
Panaliten menika anggenipun ngesahaken data ngginakaken cara validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika
inggih menika validitas semantik. Ingkang dipunlampahi inggih menika mawi observasi kanthi berulang-ulang dhateng novel Kirti Njunjung Drajat. Validitas
semantic dipunginakaken kangge ningali sepinten data ingkang ngandhut wujud- wujud sikap hidup priyayi, unsur-unsur struktural, saha wujud gayutanipun
antawis tandha kaliyan acuanipun ikon, indeks, simbol saged dipunmaknai trep kaliyan konteksipun.
Reliabilitas data dipunpanggihaken mawi cara reliabilitas intrarater, inggih menika dipunlampahi kanthi ningali kanthi cara wongsal-wangsul kangge
manggihaken data ingkang ajeg. Kejawi ngginakaken reliabilitas intrarater panaliten menika ugi ngginakaken reliabilitas interrater, inggih menika kanthi
nindakaken diskusi asiling data kaliyan dosen pembimbing saha kanca ingkang